PITAKONANÉ CAH ENOM
Apa Aku Wong sing Tabah?
Apa kowé wong sing tabah? Apa kowé tau . . .
ditinggal mati karo wong sing ditresnani?
lara parah?
dadi korban bencana alam?
Para peneliti ngomong nèk sipat tabah ora mung dibutuhké wektu ngadhepi masalah sing gedhé. Nèk kowé terlalu mikirké masalah sing ana saben dina, kuwi ya ana pengaruhé kanggo keséhatanmu. Mula, kowé kudu nduwé sipat tabah ora soal sepira akèhé masalah sing lagi mbok diadhepi.
Sipat tabah kuwi apa?
Sipat tabah kuwi kesanggupan kanggo ngadhepi keadaan sing angèl lan perubahan ing urip. Wong sing tabah tetep ngalami masalah. Ning, senajan ngadhepi masalah, wong sing tabah isa pulih manèh, malah isa luwih kuwat ketimbang sakdurungé.
Apa sebabé kowé kudu nduwé sipat tabah?
Merga kabèh wong mesthi nduwé masalah. Alkitab ngomong, ”Yèn ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, . . . sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabèh padha mbarengi mangsa-kalané tuwin pancèn nasibé mangkono.” (Kohélét 9:11) Apa maksudé? Kuwi maksudé wong sing apikan ya isa nduwé masalah senajan dhèwèké ora salah.
Bèn kowé isa tetep stabil. Ana guru SMA sing ngomong, ”Akèh murid sing teka ing ruanganku padha nangis merga nilainé èlèk utawa diécé ing média sosial.” Guru kuwi ya ngomong senajan kuwi masalah sing sepélé, ning nèk ora diatasi, bocah-bocah kuwi isa ”ngalami gangguan méntal lan émosi”. a
Merga kuwi ana manfaaté kanggo saiki lan wektu kowé wis diwasa. Dr. Richard Lerner tau ngomongké soal ngadhepi rasa kecéwa ing urip. Dhèwèké nulis, ”Wong isa suksès nèk ora nyerah wektu ana masalah. Kowé kudu nggawé tujuan anyar utawa nggolèk cara liya bèn tujuan sing mauné gagal isa kelakon.” b
Piyé carané bèn kowé isa dadi wong sing tabah?
Kudu masuk akal. Kowé kudu isa mbédakké endi masalah sing gedhé lan endi masalah sing sepélé. Alkitab ngomong, ”Wong kang mratèlakaké laraning atiné sanalika iku uga, iku bodho, nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana.” (Wulang Bebasan 12:16) Mula, aja nganti kowé terus-terusan mikirké masalah sing sepélé.
”Kanca-kanca ing sekolahku biasané nggawé masalah sing sepélé dadi kétok gedhé. Terus, wektu éntuk dhukungan saka kanca-kancané ing média sosial, kanca-kancaku dadi tambah ora isa mbédakké endi masalah sing gedhé lan endi sing sepélé.”—Joanne.
Sinau saka wong liya. Alkitab ngomong, ”Wesi nglandhepaké wesi, wong nglandhepaké pepadhané.” (Wulang Bebasan 27:17) Nèk gelem sinau saka wong liya sing wis tau ngadhepi masalah sing gedhé, kowé bakal éntuk pelajaran sing berharga.
”Nèk kowé ngobrol karo wong liya, kowé bakal ngerti nèk wong liya ya tau ngalami masalah sing gedhé, ning isa pulih manèh. Kowé isa takon apa sing mbiyèn ditindakké lan ora ditindakké wong-wong kuwi wektu ngadhepi masalah.”—Julia.
Sabar. Alkitab ngomong, ”Wong bener iku sanadyan tiba rambah ping pitu, mesthi ngadeg manèh.” (Wulang Bebasan 24:16) Kowé mungkin ora isa langsung pulih sakwisé ngalami masalah sing gedhé. Dadi, nèk kowé ngrasa sedhih kuwi wajar. Sing penting kowé kudu ”ngadeg manèh”.
”Bèn isa pulih, kowé pancèn butuh wektu. Aku dhéwé ya ngrasakké kuwi. Saya suwé, aku ngrasa luwih gampang kanggo ngendhalèni émosiku.”—Andrea.
Terus bersyukur. Alkitab ngomong, ”Terusa ngucap sokur.” (Kolose 3:15) Senajan ngadhepi akèh masalah, mesthi tetep ana sing isa mbok syukuri. Coba pikirna telung alesan sing isa nggawé uripmu berharga.
”Wektu ngadhepi masalah, kowé isa waé mikir, ’Sakjané salahku kuwi apa, ta?’ Ning, wong sing tabah kuwi ora bakal terus-terusan mikirké masalahé. Dhèwèké malah fokus karo apa sing isa disyukuri lan sing isa ditindakké.”—Samantha.
Ngrasa puas. Rasul Paulus ngomong, ”Aku wis sinau kanggo ngrasa puas ing kahanan apa waé.” (Filipi 4:11) Paulus ora isa ngendhalèni keadaan sing diadhepi. Ning, Paulus isa ngendhalèni réaksiné wektu ngadhepi masalah. Paulus ngupaya bèn isa terus ngrasa puas.
”Kadhang kala, réaksiku wektu ngadhepi masalah kuwi ora apik. Mula, aku ngupaya bèn nduwé sikap positif ing keadaan apa waé. Sing isa ngrasakké manfaaté ora mung aku, ning ya wong-wong ing sekitarku.”—Matthew.
Ndonga. Alkitab ngomong, ”Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yèhuwah, temah kowé mesthi direksa! Pangeran ora marengaké, yèn wong mursid gloyoran ing salawasé.” (Jabur 55:23) Donga ora mung isa nggawé perasaanmu dadi tenang, ning kuwi ya cara bèn kowé isa omong-omongan langsung karo Gusti Allah, sing ”nggatèkké kowé”.—1 Pétrus 5:7.
”Wektu ngadhepi masalah, aku ngerti nèk aku ora dhèwèkan. Sakwisé nyritakké masalahku lan ngucap syukur karo Gusti Allah liwat donga, aku dadi isa luwih tenang merga mikirké berkah-berkah sing tak tampa saka Yéhuwah. Kanggoku, donga kuwi penting banget.”—Carlos.