BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK
Piyé Nèk Anakku Bosen?
Merga ora isa ing endi-endi, terus ya ora ana kegiatan, anaké njenengan isa waé dadi bosen. Bèn ora bosen, apa njenengan langsung ngongkon dhèwèké nonton TV utawa dolanan game waé? Pikirna iki:
Pendapaté wong tuwa
Hiburan isa waé malah nggawé bosen. Ana bapak-bapak sing jenengé Robert ngomong, ”Ana anak-anak sing luwih seneng nonton TV utawa dolanan game. Lha kuwi sing marahi anak-anak bosen nèk dikongkon nglakoni kegiatan liyané.”
Bojoné, sing jenengé Barbara, ya setuju. Dhèwèké ngomong, ”Nèk kegiatan sehari-hari kan butuh mikir, kudu berusaha, terus hasilé ya ora langsung kétok. Nah, nèk anak-anak kerep nonton TV utawa dolanan game, nèk dikongkon nglakoni kegiatan kaya ngono ya mesthi dadi males.”
Kakèhan dolanan média sosial kuwi ora apik. Merga kerep ndeloki foto-foto utawa vidéo-vidéoné wong liya, anak-anak isa waé ngrasa nèk uripé kuwi mboseni. Cah wédok sing jenengé Beth ngomong, ”Aku dadi mikir nèk liyané isa seneng-seneng, tapi aku mung ing omah waé.”
Terus, biasané bar dolanan média sosial malah tetep bosen. Cah lanang sing jenengé Chris ngomong, ”Ya mémang nèk dolanan média sosial, aku dadi nduwé kegiatan. Tapi bar kuwi ya ora ana manfaaté.”
Ngrasa bosen malah ana manfaaté. Ibu-ibu sing jenengé Katherine ngomong nèk merga bosen anak-anaké malah dadi kréatif. Dhèwèké crita, ”Kerdhus isa dadi mobil, kapal, utawa pesawat luar angkasa. Terus, selimut karo kursi ya malah isa dadi téndha.”
Makané, psikolog sing jenengé Sherry Turkle ngomong nèk pas bosen, awaké dhéwé malah luwih gampang berimajinasi. a Dadi, ngrasa bosen kuwi malah ana manfaaté. Terus, ing buku Disconnected disebutké nèk awaké dhéwé dadi luwih kréatif pas ngrasa bosen. Kuwi kaya otot sing dadi tambah kuwat merga terus dienggo olahraga.
Intiné: Pas ngrasa bosen, anak-anak malah isa dadi luwih kréatif.
Wong tuwa kudu piyé?
Nèk keadaané cocog, ajaken anak-anak dolanan ing njaba. Barbara, sing mau disebutké, ngomong, ”Pas dolanan ing njaba, anak-anak dadi ora bosen manèh merga isa luwih kréatif.”
Ayat: ”Kabèh ana wektuné. . . . Wektu kanggo ngguyu lan wektu kanggo mlumpat-mlumpat.”—Pengkhotbah 3:1, 4, cathetan ngisor.
Kanggo dipikirké: Apa aku isa ngejak anak-anak dolanan ing njaba? Nèk ora isa, apa ana kegiatan liyané?
Bantunen anak-anak nggatèkké wong liya. Ibu-ibu sing jenengé Lillian ngomong, ”Aku biasané ngejak anakku nyaponi halamané sedulur sing wis tuwa, utawa masak kanggo meréka, terus diterké. Kuwi waé wis nggawé kami bahagia.”
Ayat: ”Wong sing seneng mènèhi bakal makmur. Wong sing mènèhi ngombé bakal diwènèhi ngombé.”—Wulang Bebasan 11:25.
Kanggo dipikirké: Piyé bèn anak-anak seneng mbantu wong liya?
Dadi conto. Koméntaré njenengan soal kegiatan sehari-hari kuwi digatèkké anak-anak. Ibu-ibu sing jenengé Sarah ngomong, ”Nèk awaké dhéwé kakèhan sambat bosen soal kegiatan sehari-hari, anak-anak ya bakal tiru-tiru. Tapi nèk awaké dhéwé semangat, anak-anak ya isa dadi semangat.”
Ayat: ”Kanggoné wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké.”—Wulang Bebasan 15:15.
Kanggo dipikirké: Apa aku kerep sambat soal kegiatan sehari-hari? Nèk pas bosen, aku biasané piyé?
Saran: Kongkonen bocah-bocah mikirké kegiatan sing menarik. Ibu-ibu sing jenengé Allison ngomong, ”Kami sak keluarga biasané ngumpulké idé-idé soal kegiatan sing menarik, terus dilebokké ing kothak.”
a Saka buku Reclaiming Conversation.