Purwaning Dumadi 34:1-31

  • Dina diperkosa (1-12)

  • Anak-anaké lanang Yakub licik (13-31)

34  Dina, anaké wédok Yakub lan Léa,+ kerep dolan* karo cah-cah wédok ing kutha kuwi.+  Ana wong lanang sing jenengé Syikhèm anaké Hamor wong Hèwi.+ Hamor kuwi pemimpin ing tanah kuwi. Syikhèm ndelok Dina, terus Dina digawa lunga lan diperkosa.  Syikhèm terus mikirké Dina anaké Yakub. Dhèwèké seneng karo Dina lan terus ngrayu Dina.  Akhiré Syikhèm kandha karo Hamor+ bapaké, ”Pak, tulung lamarké cah wédok kuwi bèn dadi bojoku.”  Wektu Yakub krungu nèk Dina diperkosa Syikhèm, anak-anaké lanang lagi ngurus ternak ing padhang rumput. Mula, Yakub ora ngomongké soal kuwi nganti anak-anaké mulih.  Sakwisé kuwi, Hamor bapaké Syikhèm ngejak omong Yakub.  Wektu krungu soal kuwi, anak-anaké Yakub langsung mulih saka padhang rumput. Wong-wong kuwi lara ati lan nesu banget merga Syikhèm wis memperkosa anaké wédok Yakub.+ Tumindak kuwi ora pantes+ lan nggawé isin Israèl.  Hamor kandha karo wong-wong kuwi, ”Syikhèm anakku seneng banget karo anakmu wédok. Éntuk ora anakmu dadi bojoné anakku?  Ayo bésanan.* Anak-anakmu wédok isa dadi bojoné wong-wong ing kutha iki, lan anak-anak wédok ing kutha iki isa dadi bojoné anak-anakmu.+ 10  Kowé éntuk manggon ing tanah iki, lan kowé bébas arep ngapa waé. Kowé éntuk dagang lan manggon ing kéné.” 11  Terus, Syikhèm kandha karo Yakub lan kakang-kakangé Dina, ”Tulung turutana apa sing tak jaluk, lan aku bakal mènèhi apa waé sing mbok jaluk. 12  Njenengan éntuk njaluk maskawin lan hadiah sing larang banget.+ Kuwi mesthi bakal tak wènèhké. Sing penting wong wédok kuwi éntuk dadi bojoku.” 13  Merga Dina adhiné wis diperkosa Syikhèm, anak-anaké lanang Yakub nduwé rencana ngapusi Syikhèm lan Hamor. 14  Anak-anaké lanang Yakub kandha, ”Aku ora isa nikahké adhiku karo wong lanang sing ora disunat,+ merga kuwi nggawé keluargaku isin. 15  Aku gelem nikahké adhiku karo kowé, ning ana syaraté. Saben wong lanang+ ing kuthamu kudu disunat kaya aku lan keluargaku. 16  Bar kuwi, aku bakal nikahké anak-anakku wédok karo kowé, terus aku lan sing liyané ya bakal nikah karo anak-anakmu wédok. Awaké dhéwé bakal manggon bareng lan dadi sak bangsa. 17  Ning, nèk kowé ora setuju lan ora gelem disunat, adhiku bakal tak gawa bali, terus aku lan keluargaku bakal lunga saka kéné.” 18  Hamor+ lan Syikhèm+ setuju karo kuwi. 19  Syikhèm cepet-cepet nglakoni syarat kuwi,+ merga dhèwèké seneng banget karo anaké wédok Yakub. Apa manèh, Syikhèm kuwi sing paling dihormati ing keluargané bapaké. 20  Mula, Hamor lan Syikhèm lunga menyang gerbang kutha lan ngomong karo wong-wong lanang ing kutha kuwi,+ 21  ”Wong-wong iki péngin tetep rukun karo awaké dhéwé. Wong-wong iki bèn manggon lan dagang ing tanah iki, merga tanah iki isih cukup amba. Awaké dhéwé isa nikah karo anak-anaké wédok wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ya isa nikah karo anak-anaké wédok awaké dhéwé.+ 22  Wong-wong kuwi gelem manggon bareng awaké dhéwé lan dadi sak bangsa karo awaké dhéwé, ning syaraté kabèh wong lanang ing kutha iki kudu disunat+ kaya wong-wong kuwi. 23  Terus, hartané wong-wong kuwi, ternaké, lan kabèh sing diduwèni ya bakal dadi duwèké awaké dhéwé. Nèk awaké dhéwé manut karo omongané, wong-wong kuwi bakal tetep manggon ing kéné.” 24  Kabèh wong lanang sing ngumpul ing gerbang kutha kuwi gelem manut karo omongané Hamor lan Syikhèm. Terus, kabèh wong lanang sing ana ing gerbang kutha kuwi padha disunat. 25  Tapi, ing dina ketelu, wektu wong-wong kuwi isih ngrasakké lara banget, loro anaké Yakub, yaiku kakang-kakangé Dina+ sing jenengé Siméon lan Lèwi, njupuk pedhang lan meneng-meneng mlebu ing kutha kuwi, terus matèni kabèh wong lanang.+ 26  Wong-wong kuwi matèni Hamor lan Syikhèm, terus nggawa bali Dina saka omahé Syikhèm. 27  Sakwisé kabèh wong lanang ing kutha kuwi dipatèni, anak-anaké lanang Yakub sing liyané padha teka lan njupuk kabèh sing ana ing kutha kuwi, merga adhiné wédok+ wis diperkosa. 28  Wong-wong kuwi njupuk kambing, domba, sapi, keledai, lan apa waé sing ana ing kutha lan ing padhang rumput. 29  Wong-wong kuwi ya njupuk kabèh harta ing kutha kuwi, nyulik bocah-bocah cilik lan bojo-bojoné wong-wong lanang sing dipatèni mau, lan njupuk kabèh sing ana ing omahé wong-wong kuwi. 30  Mula, Yakub ngomong karo Siméon lan Lèwi,+ ”Kowé wis nggawé aku ngalami masalah sing gedhé. Kowé wis nggawé wong Kanaan lan wong Pèriz sing manggon ing tanah iki dadi sengit karo aku. Jumlahé awaké dhéwé mung sithik. Wong-wong kuwi mesthi bakal ngumpul kanggo nyerang lan matèni aku lan kabèh keluargaku.” 31  Ning, wong loro kuwi njawab, ”Aku ora trima adhiku dianggep kaya pelacur.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”ketemu”.
Utawa ”Ayo nggawé kerja sama liwat pernikahan”.