Purwaning Dumadi 48:1-22
48 Sakwisé kuwi, Yusuf dikabari, ”Bapakmu lara.” Mula, Yusuf+ ngejak anaké lanang loro, yaiku Manasyé lan Éfraim, nemoni Yakub.
2 Wektu Yakub dikandhani nèk Yusuf teka, dhèwèké* ngupaya tenanan bèn isa lungguh ing panggonané turu.
3 Yakub kandha karo Yusuf,
”Gusti Allah sing Mahakuwasa nemoni aku ing Luz ing tanah Kanaan lan mberkahi aku.+
4 Gusti Allah kandha, ’Aku bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget, lan kowé bakal dadi bapaké akèh bangsa.+ Aku bakal mènèhké tanah iki marang keturunanmu* kanggo sakterusé.’+
5 Anakmu lanang loro sing lair ing Mesir sakdurungé aku teka ing tanah Mesir kuwi duwèkku.+ Éfraim lan Manasyé bakal dadi anak-anakku kaya Rubèn lan Siméon.+
6 Nèk kowé nduwé anak manèh, bocah-bocah kuwi bakal dadi anakmu. Bocah-bocah kuwi bakal éntuk bagéan tanah saka warisan+ sing ditampa Éfraim lan Manasyé.
7 Mbiyèn, wektu aku teka saka Padan, Rakhèl mati+ ing cedhakku, ing tanah Kanaan, padahal isih adoh saka Éfrat.+ Mula, Rakhèl tak kubur ing pinggir dalan menyang Éfrat, yaiku ing Bètlehèm.”+
8 Wektu ndelok anak-anaké Yusuf, Israèl takon, ”Kuwi sapa?”
9 Yusuf njawab, ”Iki anak-anakku, sing diwènèhké Gusti Allah marang aku ing panggonan iki.”+ Israèl kandha, ”Tulung gawanen anak-anakmu nyedhak mréné bèn isa tak berkahi.”+
10 Merga wis tuwa, Israèl ora isa ndelok jelas manèh. Mula, Yusuf nggawa anak-anaké nyedhaki Israèl, terus Israèl ngambung lan ngrangkul bocah-bocah kuwi.
11 Israèl kandha karo Yusuf, ”Aku ora nyangka isa ndelok kowé manèh,+ malah saiki Gusti Allah ya nggawé aku isa ndelok keturunanmu* barang.”
12 Terus, Yusuf nggawa anak-anaké ngedoh saka bapaké,* lan Yusuf sujud.
13 Tangan tengené Yusuf nyekel Éfraim+ lan tangan kiwané nyekel Manasyé.+ Terus, loro-loroné digawa nyedhak marang Israèl. Yusuf ngongkon Éfraim ing sebelah kiwané Israèl lan Manasyé ing sebelah tengené.
14 Ning, Israèl ndèlèhké tangan tengené ing sirahé Éfraim, senajan Éfraim kuwi sing luwih enom. Terus dhèwèké ndèlèhké tangan kiwané ing sirahé Manasyé. Israèl sengaja kaya ngono senajan ngerti nèk Manasyé kuwi anak sing pertama.+
15 Terus, Israèl mberkahi Yusuf lan kandha,+”Gusti Allah sing bener, sing disembah Abraham lan Ishak nènèk moyangku,*+Gusti Allah sing wis dadi gembalaku saksuwéné uripku nganti saiki,+
16 Sing malaékaté wis mbébaské aku saka kesusahanku,+ tulung berkahi bocah-bocah iki.+
Muga-muga wong-wong ngerti nèk aku, Abraham simbahku, lan Ishak bapakku kuwi nènèk moyangé bocah-bocah iki.
Muga-muga bocah-bocah iki nduwé akèh keturunan ing bumi.”+
17 Yusuf ora seneng wektu ndelok tangan tengené bapaké terus ana ing sirahé Éfraim. Mula, dhèwèké nyoba mindhah tangané bapaké ing sirahé Manasyé.
18 Yusuf kandha karo bapaké, ”Aja ngono, Pak. Anakku sing pertama sing iki.+ Dèlèhna tangan tengenmu ing sirahé.”
19 Ning, bapaké ora gelem lan kandha, ”Ya, Lé. Aku ngerti. Manasyé bakal dadi wong sing hébat, lan keturunané ya bakal dadi bangsa. Ning, adhiné bakal luwih hébat,+ lan keturunané* bakal dadi akèh banget nganti jumlahé padha karo jumlahé akèh bangsa.”+
20 Dina kuwi, Israèl terus mberkahi bocah-bocah kuwi,+”Wong Israèl bakal nyebut jenengmu wektu wong-wong kuwi ngucapké berkah,’Muga-muga Gusti Allah nggawé kowé kaya Éfraim lan Manasyé.’”
Israèl tetep ngutamakké Éfraim timbang Manasyé.
21 Terus Israèl ngomong karo Yusuf, ”Saiki aku wis mèh mati,+ tapi Gusti Allah bakal terus mbantu kowé lan nggawa kowé bali ing tanahé nènèk moyangmu.+
22 Aku mènèhi kowé sak bagéan tanah luwih akèh timbang kakang adhimu, yaiku tanah sing wis tak rebut saka tangané wong Amori nganggo pedhang lan panahku.”
Katrangan Tambahan
^ Lit.: ”Israèl”.
^ Lit.: ”benihmu”.
^ Lit.: ”benihmu”.
^ Lit.: ”saka dhengkulé bapaké”.
^ Lit.: ”sing ing ngarepé Abraham lan Ishak nènèk moyangku mlaku”.
^ Lit.: ”benihé”.