BAB 14
Setya Ndhukung Kratoné Allah, Dudu Liyané
1, 2. (a) Pathokan penting apa sing dadi tuntunané murid-muridé Yésus nganti saiki? (b) Piyé mungsuh-mungsuh ngupaya numpes umaté Allah, lan apa hasilé?
WEKTU ngadeg nèng ngarepé Pilatus, hakimé bangsa Yahudi sing paling kuwasa, Yésus ngandhakké pathokan penting sing dadi tuntunané murid-muridé nganti saiki, yaiku, ”Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki.” (Yo. 18:36) Pilatus akiré mréntahké ngukum mati Yésus, ning kemenangan kuwi ora suwé, merga Yésus diuripké manèh. Para kaisar sing prakosa ing Wilayah Romawi ngupaya numpes para muridé Yésus, ning kuwi siya-siya. Wektu kuwi, wong Kristen martakké Kratoné Allah nganti ing ngendi-endi.—Kl. 1:23.
2 Sakwisé Kratoné Allah madeg taun 1914, negara-negara sing paling kuwat ngupaya numpes umaté Allah, ning ora ana sing suksès. Akèh pamréntah lan faksi politik meksa awaké dhéwé bèn mèlu-mèlu ing masalahé, ning umaté Allah ora isa dipisah-pisah merga kuwi. Saiki, rakyat Kratoné Allah manggon nèng akèh negara ing bumi iki. Ning awaké dhéwé diklumpukké dadi siji ing paseduluran sejati sakdonya, lan tetep ora mèlu-mèlu urusan politik donya. Kerukunané awaké dhéwé kuwi dadi bukti nyata nèk Kratoné Allah wis mréntah, lan Sang Raja Yésus terus nuntun, nggawé murni, uga nglindhungi rakyaté. Gatèkna carané Yésus nindakké kuwi, lan gatèkna kemenangan hukum saka Yésus sing nguwatké iman, merga awaké dhéwé ngupaya bèn ora dadi bagéan saka donya.—Yo. 17:14.
Masalah sing Penting
3, 4. (a) Apa waé kedadéan wektu Kratoné Allah madeg? (b) Apa umaté Allah langsung nduwé pangertèn sing cetha bab ora mèlu-mèlu urusan politik? Terangna.
3 Sakwisé Kratoné Allah madeg, ana perang ing swarga. Sétan kalah terus diuncalké nèng bumi. (Wacanen Wahyu 12:7-10, 12.) Ing bumi uga ana perang lan kuwi dadi ujian iman kanggo umaté Allah. Ning, umaté Allah nduwé tékad niru tuladhané Yésus lan ora dadi bagéan saka donya iki. Awalé, pangertèné umaté Allah bab ora mèlu-mèlu urusan politik isih durung cetha.
4 Contoné sèri buku Millennial Dawn Jilid VI, a sing diwetokké taun 1904 nyebutké nèk wong Kristen ora éntuk mèlu perang. Ning, buku kuwi uga kandha nèk wong Kristen dikongkon wajib militèr, dhèwèké kudu ngupaya kerja ing bagéan sing ora langsung mèlu perang. Nèk tetep dikongkon mèlu perang, dhèwèké kudu mastèkké aja nganti matèni wong. Herbert Senior, sedulur saka Inggris sing dibaptis taun 1905, nerangké kedadéan wektu kuwi, ”Para sedulur padha bingung, lan ora ana tuntunan sing jelas bab éntuk apa ora dadi tentara sing tugasé ora langsung mèlu perang.”
5. Piyé The Watch Tower 1 September 1915 mbantu awaké dhéwé nduwé pangertèn sing luwih cetha?
5 Majalah The Watch Tower 1 September 1915, mènèhi pangertèn sing luwih cetha bab masalah kuwi. Bab katrangan sing dikandhakké ing buku Studies in the Scriptures, majalah kuwi kandha, ”Kétoké tumindak kaya ngono kuwi dudu tegesé awaké dhéwé kompromi.” Ning, piyé nèk wong Kristen diancam bakal ditémbak nèk ora gelem nganggo seragam tentara lan wajib militèr? Artikel kuwi kandha, ”Apa ditémbak mati merga setya marang Ratuning Katentreman lan terus manut préntahé, kuwi luwih èlèk timbang ditémbak mati merga nindakké tugas saka raja ing bumi, lan kompromi marang préntahé Yésus? Nèk kudu milih, awaké dhéwé milih mati merga setya marang Sang Raja ing swarga.” Senajan mènèhi katrangan sing tegas kaya ngono, artikel kuwi nyimpulké, ”Iki mung saran, para sedulur ora dipeksa nindakké iki.”
6. Apa sing isa panjenengan sinaoni saka Sedulur Herbert Senior?
6 Para sedulur ngerti tenan nèk dadi tentara kuwi salah lan padha siyap ngadhepi akibaté. Sedulur Herbert Senior, kandha, ”Kanggoku, ngangkat peluru saka kapal [tugas sing ora langsung mèlu perang] kuwi padha waé karo masang peluru nèng bedhil.” (Lk. 16:10) Merga Sedulur Herbert nolak wajib militèr sing alesané hati nurani, dhèwèké dipenjara. Dhèwèké lan 4 sedulur, uga wong-wong saka agama liya, klebu ing antarané 16 wong sing dipenjara merga nolak wajib militèr sing alesané hati nurani. Wong-wong kuwi dipenjara ing Richmond nèng Inggris, lan dijuluki Richmond 16. Sedulur Herbert lan liyané tau meneng-meneng dikirim ing barisan ngarep ing Prancis nganggo kapal. Wong-wong kuwi bakal ditémbak mati lan kudu baris madhep ing regu témbak, ning jebulé ora sida ditémbak. Hukumané malah dikurangi dadi sepuluh taun penjara.
7. Sakdurungé Perang Donya II kedadéan, apa sing wis dingertèni umaté Yéhuwah?
7 Sakdurungé Perang Donya II kedadéan, umaté Yéhuwah wis ngerti tenan tegesé ora mèlu politik lan apa sing kudu ditindakké nèk péngin niru tuladhané Yésus. (Mt. 26:51-53; Yo. 17:14-16; 1 Pt. 2:21) Contoné, ana artikel ing majalah The Watchtower 1 November 1939 sing judhulé ”Ora Mèlu Politik”. Artikel kuwi kandha, ”Umaté Yéhuwah kudu manut préntah iki, yaiku tetep ora mèlu politik lan ora mihak negara-negara sing lagi perang.” Sedulur Simon Kraker, sing akiré nglayani ing kantor pusat ing Brooklyn nèng New York, kandha, ”Aku akiré paham nèk umaté Allah kudu rukun karo kabèh wong senajan ana perang.” Artikel kuwi pancèn dadi pangan rohani ing wektu sing pas, lan nyiapké umaté Allah ngadhepi tentangan abot kanggo tetep setya marang Kratoné Allah.
Rakyat Kratoné Allah Dianiaya
8, 9. Piyé ramalané Yokanan kelakon?
8 Rasul Yokanan ngramalké nèk sakwisé Kratoné Allah madeg taun 1914, si naga, yaiku Sétan si Iblis, bakal nyemburké banyu kaya kali saka cangkemé, sing tegesé upayané Sétan kanggo numpes wong-wong sing ndhukung Kratoné Allah. b (Wacanen Wahyu 12:9, 15.) Piyé ramalan kuwi kelakon? Saka taun 1920-an, umaté Allah saya kerep dianiaya. Pas perang donya kapindho, Sedulur Kraker lan akèh sedulur ing Amerika Utara dipenjara merga setya marang Kratoné Allah. Malah wektu kuwi, luwih saka 70 persèn wong sing dipenjara merga alesan agama ing penjara-penjara féderal ing Amerika Serikat kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah.
9 Iblis lan bala-balané péngin nggawé wong-wong sing dadi rakyat Kratoné Allah ing ngendi-endi, ora setya manèh. Ing Afrika, Amerika Serikat, lan Eropa, wong-wong iki digawa nèng pengadilan lan déwan pembébasan bersyarat. Para sedulur kuwi dipenjara, digebugi, lan dianiaya nganti cacad, merga tékadé kanggo ora mèlu politik. Ing Jerman, umaté Allah ngadhepi aniaya abot merga nolak ngucapké heil Hitler utawa mèlu perang. Kira-kira 6.000 wong sing dilebokké ing kamp-kamp penjara pas jamané Nazi, lan luwih saka 1.600 Seksi saka Jerman lan dudu saka Jerman, mati merga disiksa. Senajan ngono, kasusahan sing disebabké Iblis kuwi mung sawetara.—Mk. 8:34, 35.
’Bumi Nguntal Kali’
10. Apa sing digambarké ”bumi”, lan piyé ”bumi” wis mbantu umaté Allah?
10 Ramalané rasul Yokanan nduduhké nèk ”bumi”, sing nggambarké para panguwasa sing luwih adil, bakal nguntal ”kali”. Kali nggambarké aniaya sing dialami umaté Allah. Dadi, para panguwasa kuwi mbéla umaté Allah. Piyé ramalan kuwi kelakon? Puluhan taun sakwisé Perang Donya II, ”bumi” kerep mbantu wong-wong sing setya marang Kratoné Sang Mèsih. (Wacanen Wahyu 12:16.) Contoné, akèh pengadilan sing pengaruhé kuwat wis nglindhungi haké Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo nolak wajib militèr, lan ora mèlu upacara kebangsaan. Sing kapisan, gatèkna kemenangan-kemenangan penting sing diparingké Yéhuwah marang umaté bab wajib militèr.—Ms. 68:21.
11, 12. Masalah apa sing diadhepi Sedulur Sicurella lan Sedulur Thlimmenos, lan apa hasilé?
11 Amerika Serikat. Wiwit cilik, Anthony Sicurella lan limang seduluré didhidhik karo wong tuwané sing Seksi Yéhuwah. Anthony dibaptis pas umuré 15 taun. Wektu umuré 21 taun, Anthony lapor ing panitya pendaftaran wajib militèr nèk dhèwèké penginjil. Rong taun sakwisé, yaiku taun 1950, dhèwèké ngajokké permohonan manèh nèk ora mèlu wajib militèr merga alesan hati nurani. Senajan kanggoné Biro Invèstigasi Féderal (FBI) kuwi ora masalah, ning Kejaksaan AS nolak permohonané. Sakwisé bola bali disidang, akiré kasus kuwi dipriksa Mahkamah Agung AS. Mahkamah mbatalké keputusan pengadilan sakdurungé lan mbéla Sedulur Sicurella. Keputusan iki dadi dhasar kanggo rakyat Amerika Serikat liyané sing nolak wajib militèr merga alesan hati nurani.
12 Yunani. Ing taun 1983, Sedulur Iakovos Thlimmenos dipenjara merga nolak nganggo seragam militèr. Sakwisé bébas, dhèwèké nglamar kerja dadi akuntan. Ning lamarané ditolak merga nduwé cathetan kriminal. Sedulur Iakovos nggawa masalah kuwi nèng pengadilan Yunani, ning dhèwèké kalah. Terus dhèwèké njaluk bandhing nèng Mahkamah Eropa untuk Hak Asasi Manusia (ECHR). Ing taun 2000, Déwan Agung ECHR, sing anggotané 17 hakim, nggawé keputusan sing mbéla Sedulur Iakovos. Keputusan kuwi dadi dhasar kanggo nglawan diskriminasi. Sakdurungé keputusan kuwi, luwih saka 3.500 sedulur ing Yunani tau dipenjara merga ora mèlu politik, lan nyebabké para sedulur kuwi nduwé cathetan kriminal. Ning sakwisé keputusan ECHR kuwi, negara Yunani ngetokké undhang-undhang kanggo nyabut kabèh tudhuhan marang para sedulur mau. Lan sakwisé Undhang-Undhang Dhasar Yunani dianyarké manèh, hukum sing pirang-pirang taun sakdurungé tau diwetokké, yaiku sing isiné hak kanggo nindakké dinas sipil alternatif, dikukuhké manèh.
13, 14. Piwulang apa sing panjenengan sinaoni saka kasusé Sedulur Ivailo Stefanov lan Sedulur Vahan Bayatyan?
13 Bulgaria. Taun 1994, Ivailo Stefanov sing umuré 19 taun dipilih dadi tentara. Dhèwèké ora gelem dadi tentara utawa manut préntahé tentara kanggo nindakké tugas sing ora langsung mèlu perang. Sedulur Stefanov divonis 18 sasi penjara, ning dhèwèké njaluk bandhing merga nduwé hak kanggo nolak wajib militèr sing alesané hati nurani. Kasusé akiré digawa nèng ECHR. Ing taun 2001, sakdurungé kasusé dipriksa, pamréntah Bulgaria ngupaya bèn masalah karo Sedulur Stefanov isa rampung sakdurungé tekan ECHR. Pamréntah Bulgaria ngekèki amnésti ora mung marang Sedulur Stefanov, ning uga marang kabèh warga Bulgaria sing péngin nindakké dinas sipil alternatif. c
14 Armenia. Taun 2001, Vahan Bayatyan dipilih dadi tentara. d Dhèwèké nolak tugas kuwi merga alesan hati nurani, ning upayané kanggo njaluk bandhing nèng pengadilan-pengadilan negeri gagal. Dhèwèké dipenjara mulai sasi September 2002. Sakjané hukuman kuwi suwéné rong taun setengah, ning lagi mèh 11 sasi dhèwèké wis dibébaské. Saksuwéné kuwi, dhèwèké njaluk bandhing nèng ECHR sing mriksa kasusé. Ning, tanggal 27 Oktober 2009, Mahkamah kuwi nggawé keputusan sing nglawan Sedulur Vahan. Iki nyusahké para sedulur ing Armenia sing ngadhepi masalah padha. Ning, Déwan Agung ECHR mriksa manèh keputusané. Tanggal 7 Juli 2011, Mahkamah nggawé keputusan sing mbéla Sedulur Vahan. Lagi pisan iki ECHR ngakoni nèk nolak wajib militèr merga alesan hati nurani sing dhasaré ajaran agama, kudu dilindhungi. Dhasaré yaiku hak bébas ngomongké pendhapat, nduwé hati nurani, lan nduwé agama. Keputusan kuwi nglindhungi ora mung haké Seksi-Seksi Yéhuwah, ning uga haké atusan yuta pendhudhuk ing negara-negara sing dadi anggota Déwan Eropa. e
Masalah Upacara Kebangsaan
15. Ngapa Seksi-Seksi Yéhuwah nolak mèlu upacara kebangsaan?
15 Umaté Yéhuwah nduduhké nèk setya karo Kratoné Sang Mèsih ora mung nganggo cara nolak wajib militèr, ning uga nolak mèlu upacara kebangsaan. Utamané wiwit Perang Donya II kedadéan, rasa nasionalisme wis nyebar nganti saklumahing bumi. Rakyat ing akèh negara dikongkon ngomongké sumpah setya marang negarané, nyanyi lagu nasional, utawa hormat [salut] bendhéra. Ning, awaké dhéwé bakal manut lan setya mung marang Yéhuwah. (Pa. 20:4, 5) Pendhirian kuwi nyebabké awaké dhéwé kerep dianiaya. Ning sepisan manèh, Yéhuwah nggunakké ”bumi” kanggo nguntal sebagéan saka panganiaya kuwi. Gatèkna conto kemenangan sing diparingké Yéhuwah liwat Yésus kanggo awaké dhéwé.—Ms. 3:9.
16, 17. Masalah apa sing diadhepi Lillian lan William Gobitas, lan apa piwulangé kanggo awaké dhéwé?
16 Amerika Serikat. Taun 1940, Mahkamah Agung AS ngetokké putusan 8 bandhing 1 sing nglawan Seksi-Seksi Yéhuwah ing kasus Minersville School District v. Gobitis. Lilian Gobitas, f sing umuré 12 taun, karo adhiné, yaiku William, umur 10 taun merga péngin tetep setya marang Yéhuwah, ora gelem hormat bendhéra, utawa ngomongké sumpah setya. Akibaté, wong loro mau diwetokké saka sekolahé. Kasus iki digawa nèng Mahkamah Agung, lan Mahkamah mutuské nèk tumindaké sekolah mau wis cocog karo undhang-undhang, merga kuwi ditindakké kanggo kepentingan ”persatuan nasional”. Keputusan kuwi nyebabké ana panganiaya. Saya akèh anaké Seksi sing diwetokké saka sekolah, Seksi sing wis kerja diwetokké saka gawéané, lan ana Seksi sing diserang gerombolan wong sing kejem. Buku The Lustre of Our Country kandha nèk ”panganiaya sing diadhepi Seksi-Seksi saka taun 1941 nganti 1943 kuwi bukti tumindak ora ngajèni agama liya sing paling parah ing Amerika ing abad 20.”
17 Kemenangan mungsuh-mungsuhé Gusti Allah kuwi mung sedhéla. Taun 1943, Mahkamah Agung ngadili kasus liya manèh, sing mirip karo kasusé Gobitis. Kasus kuwi yaiku West Virginia State Board of Education v. Barnette. Saiki, Mahkamah Agung menangké Seksi-Seksi Yéhuwah. Lagi pisan iki ing sejarahé AS, Mahkamah Agung mbatalké keputusané dhéwé sing digawé mung pirang-pirang taun sakdurungé. Bar keputusan kuwi, jumlah Seksi sing dianiaya ing Amerika Serikat saya suda. Keputusan iki uga nglindhungi haké warga negara Amerika Serikat.
18, 19. Jaréné Pablo Barros, apa sing mbantu dhèwèké tetep setya, lan piyé para abdiné Yéhuwah saiki niru tuladhané?
18 Argentina. Pablo lan Hugo Barros, sing umuré wolung taun lan pitung taun, diwetokké saka sekolah ing taun 1976 merga ora gelem mèlu upacara bendhéra. Ibu kepala sekolah tau nyurung lan nuthuk sirahé Pablo. Pablo lan Hugo tau dikongkon ora éntuk mulih dhisik, padhahal wis jam bali sekolah merga dipeksa nganti sakjam kanggo mèlu upacara kebangsaan. Wektu ngéling-éling kedadéan kuwi, Pablo kandha, ”Nèk ora ditulungi Yéhuwah, aku ora mungkin isa tetep setya pas dipeksa.”
19 Wektu kasus kuwi digawa nèng pengadilan, hakim ndhukung keputusané sekolah kanggo ngetokké Pablo lan Hugo. Ning, kasus iki digawa nèng Mahkamah Agung Argentina. Ing taun 1979, Mahkamah mbatalké keputusan pengadilan sakdurungé lan kandha, ”Hukuman [diwetokké saka sekolah] kuwi ora cocog karo hak kanggo sinau sing ditulis ing undhang-undhang (Butir 14) lan ora cocog karo tugasé Negara kanggo njamin pendhidhikan dhasar (Butir 5).” Kemenangan kuwi migunani kanggo 1.000 anaké Seksi Yéhuwah. Ana sing ora sida diwetokké saka sekolahé, lan ana sing ditampa manèh ing sekolah negeri, kaya Pablo lan Hugo.
20, 21. Piyé kasusé Roel lan Emily Embralinag nguwatké imané panjenengan?
20 Filipina. Taun 1990, Roel Embralinag, g umur 9 taun, lan mbakyuné, yaiku Emily, umur 10 taun, karo kira-kira 66 siswa Seksi liyané diwetokké saka sekolah merga ora hormat bendhéra. Bapaké Roel lan Emily, yaiku Leonardo nyoba rembugan karo sekolah, ning gagal. Wektu masalah kuwi saya gedhé, Leonardo nulis surat resmi marang Mahkamah Agung. Dhèwèké ora nduwé dhuwit lan ora nduwé pengacara. Keluargané ndonga tenanan marang Yéhuwah njaluk tuntunan. Wektu kuwi, anak-anaké uga diécé. Leonardo ngrasa ora mungkin menang merga dhèwèké ora paham bab hukum.
21 Ning, kahanané malih. Keluarga iki dibéla karo Felino Ganal, pengacara sing tau nyambut gawé ing kantor hukum sing terkenal ing negara kuwi. Pas ana kasus iki, Sedulur Ganal wis metu saka kantoré lan wis dadi Seksi Yéhuwah. Wektu kasus iki digawa nèng Mahkamah Agung, Mahkamah nggawé keputusan sing menangké Seksi Yéhuwah lan mbatalké préntah ngetokké anak-anaké Seksi Yéhuwah saka sekolah. Sepisan manèh, upayané wong-wong kanggo nggawé umaté Yéhuwah ora setya, kebukti gagal.
Rukun Merga Ora Mèlu Politik
22, 23. (a) Ngapa umaté Yéhuwah isa menang ing akèh kasus hukum sing penting? (b) Paseduluran sakdonya sing rukun mbuktèkké apa?
22 Ngapa umaté Yéhuwah isa menang ing akèh kasus hukum sing penting? Awaké dhéwé ora nduwé pengaruh politik. Ning, ing saben negara lan saben pengadilan, ana hakim-hakim adil sing wis nglindhungi awaké dhéwé saka wong-wong sing nentang. Keputusan para hakim kuwi malah uga dadi dhasar kanggo hukum negara. Iki bukti nyata awaké dhéwé didhukung Kristus bèn isa menang. (Wacanen Wahyu 6:2.) Awaké dhéwé ngupayakké kasus-kasus hukum iki dudu kanggo ngowahi hukum sing wis ana. Ning, bèn isa terus ngabdi marang Sang Raja Yésus, tanpa gangguan.—PR. 4:29.
23 Rasa sengit lan kisruh merga politik wis nggawé wong-wong ora rukun. Ning, Sang Raja Yésus wis mberkahi umaté sakdonya sing ngupaya bèn ora mèlu politik. Upayané Sétan bèn awaké dhéwé ora rukun kebukti gagal. Kratoné Allah wis nglumpukké jutaan wong sing ’ora nggladhi perang manèh’. Paseduluran sakdonya sing rukun iki nggumunké tenan, iki bukti kuwat nèk Kratoné Allah wis mréntah!—Yé. 2:4.
a Jilid iki uga dikenal nganggo judhul The New Creation. Terus, buku sèri Millennial Dawn disebut Studies in the Scriptures.
b Kanggo katrangan bab ramalan iki, deloken buku Wahyu—Klimaksnya yang Menakjubkan Sudah Dekat!, bab 27, kaca 184-186.
c Pamréntah Bulgaria uga kudu ngekèki dinas sipil alternatif sing diawasi administrasi sipil marang kabèh wong sing nolak wajib militèr merga alesan hati nurani.
d Kanggo katrangan luwih akèh, deloken Menara Pengawal 1 November 2012, kaca 29-31.
e Saksuwéné 20 taun, pamréntah Armenia wis ngukum penjara luwih saka 450 Seksi sing isih enom. Sedulur sing pungkasan dibébaské saka penjara yaiku ing sasi November 2013.
f Ing berkas-berkas pengadilan, jeneng Gobitas salah ditulis dadi Gobitis.
g Ing berkas-berkas pengadilan, jeneng Embralinag salah ditulis dadi Ebralinag.