Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sing diilangi kuwi kuduné ora mung rasa sakité, tapi ya penyakité

BÈN ISA NGRAMPUNGI MASALAH

Nggolèki Penyebabé

Nggolèki Penyebabé

Apa manungsa mémang isa ngrampungi kabèh masalah sing ana saiki? Bèn isa ngatasi masalah, kudu ngerti penyebabé sik.

Umpamané, ana wong sing lagi lara terus digawa ing rumah sakit. Ternyata ing kono dhèwèké ora dipriksa penyakité apa, tapi mung dikèki obat kanggo ngurangi rasa sakité. Akibaté, dhèwèké mati.

Carané manungsa ngatasi masalah ing donya iki ya padha. Misalé bèn ora ana kejahatan, pamréntah nggawé aturan, masang CCTV, lan nambah jumlahé polisi. Tapi kejahatan isih tetep akèh, merga sipaté manungsa isih jahat.

Daniel, saka Amerika Selatan, crita, ”Merga krisis ékonomi, akèh wong dadi perampok. Bahkan meréka téga matèni wong.”

Ana wong sing jenengé Elias. Dhèwèké ngungsi merga ana perang ing Timur Tengah. Dhèwèké ngomong, ”Pamréntah lan pemimpin agama ing dhaérahku ngomong nèk cah-cah enom mèlu perang, mengko bakal dianggep pahlawan. Padahal pamréntah lan pemimpin agama mungsuhé ya ngomong ngono. Aku dadi ora percaya manèh karo pamréntah.”

Ing Kitab Suci ditulis:

  • ”Pikirané manungsa pancèn wis èlèk saka cilik.”​—Purwaning Dumadi 8:21.

  • ”Ati luwih licik timbang apa waé lan nékad. Sapa sing isa ngerti atiné manungsa?”​—Yérémia 17:9.

  • ”Saka ati metu kabèh pikiran jahat sing nyebabké wong matèni, . . . nindakké hubungan sèks sing ora pantes, nyolong, mènèhi keterangan sing ora bener.”​—Matius 15:19.

Sipaté manungsa saya parah. Makané, donya saiki akèh masalah. (2 Timotius 3:1-5) Meskipun manungsa wis saya pinter lan tèknologi saya canggih, tapi tetep ana akèh masalah. Ngapa kok manungsa ora isa ngrampungi kabèh masalah sing ana?

APA MANUNGSA ISA NGRAMPUNGI KABÈH MASALAH?

Bahkan meskipun manungsa wis ngupaya bèn isa nduwé sipat-sipat sing apik, manungsa tetep ora isa ngrampungi kabèh masalah. Lha ngapa?

Menurut Alkitab, merga ”manungsa . . . ora isa ngarahké langkahé”. (Yérémia 10:23) Gambarané, awaké dhéwé ora isa urip ing laut merga mémang ora diciptakké urip ing kono. Dadi nèk manungsa ora isa ngarahké langkahé dhéwé, berarti ya ora mungkin isa ngatur wong liya.

Manungsa ora diciptakké kanggo mréntah, padha kaya manungsa ora diciptakké bèn urip ing laut

Coba pikirna. Biasané wong ora seneng nèk diatur-atur, misalé soal carané ndhidhik anak. Conto kuwi mbuktèkké nèk kata-kata ing Alkitab mau bener. Manungsa mémang ora isa lan ora nduwé hak kanggo ngatur utawa mréntah manungsa liya. Dadi, sapa sing kuduné ngatur manungsa?

Sing paling ngerti soal manungsa ya sing nggawé manungsa. Tapi, akèh wong mikir nèk Gusti Allah ora perduli karo manungsa. Padahal kuwi ora bener. Gusti Allah sayang karo manungsa. Makané, Dhèwèké ngekèki akèh naséhat sing ditulis ing Alkitab. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti piyé carané bèn uripé isa pénak. Terus, awaké dhéwé ya isa ngerti ngapa kok manungsa kèt mbiyèn uripé ora dadi tambah apik. Kaya jaréné penulis saka Jerman, ”Manungsa ora tau belajar saka kesalahané.”

NASÉHAT ING ALKITAB KUWI SING PALING APIK

Raja Salomo tau ngomong, ”Kowé bakal isa mikir, lan pertimbangan sing apik bakal nglindhungi kowé.” (Wulang Bebasan 2:11) Ing Alkitab ya ana akèh naséhat sing apik. Misalé ing Mazmur 146:3 ditulis, ”Aja percaya karo manungsa utawa para pemimpin sing ora isa nylametké.” Dadi, ing Alkitab wis dijelaské nèk manungsa kuwi ora isa diharapké. Wong lanang sing jenengé Kenneth ing Amerika Utara ngomong, ”Para pejabat seneng nggawé janji-janji, ning biasané ora ditepati. Kuwi bukti nèk mémang sing ditulis ing Alkitab kuwi bener.”

Daniel, sing disebutké mau, ngomong, ”Meskipun awaké dhéwé wis nduwé tabungan utawa wis invèstasi, durung mesthi sukmbèn uripé pénak. Ana akèh sing wis kecéwa gara-gara kuwi. . . . Saya suwé aku saya yakin nèk manungsa mémang kuduné ora mréntah manungsa liyané.”

Saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk manungsa mémang ora isa diharapké. Tapi, Gusti Allah wis ngekèki harapan. Kuwi bakal dibahas ing artikel-artikel berikuté.