Carané Bèn Keluarga Isa Bahagia
Perkawinan lan anak kuwi hadiah saka Sang Pencipta. Dhèwèké péngin keluargané awaké dhéwé bahagia. Makané, Dhèwèké mènèhi naséhat-naséhat sing apik kanggo keluarga. Naséhat-naséhaté wis ditulis ing Kitab Suci. Gatèkna naséhat-naséhat iki.
Suami Kudu Sayang karo Istri
”Wong lanang kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé. Wong lanang sing sayang karo bojoné berarti sayang karo badané dhéwé. Ora ana wong sing sengit karo badané dhéwé, ning badané mesthi dijaga lan diopèni.”—ÉFÉSUS 5:28, 29.
Suami kuwi kepala keluarga. (Éfésus 5:23) Tapi, suami sing apik ora kasar lan ora sak senengé dhéwé. Dhèwèké ya sayang lan menghargai istriné, terus apa sing dibutuhké istriné ya dicukupi. Dhèwèké ya ora mung mikirké kepentingané dhéwé, tapi berupaya bèn istriné isa bahagia. (Filipi 2:4) Dhèwèké ya gelem nyritakké apa sing dirasakké lan dipikirké, terus ya gelem ngrungokké istriné. Suami sing apik ora ”seneng nesu” lan ora nglarani istriné.—Kolose 3:19, ctn.
Istri Kudu Ngajèni Suami
”Wong wédok ya kudu bener-bener ngajèni bojoné.”—ÉFÉSUS 5:33.
Nèk istri ngajèni suami lan ndhukung keputusané, keluargané isa dadi rukun. Nèk suami nggawé kesalahan, istri ora ngrèmèhké, tapi tetep sabar lan ngajèni suaminé. (1 Pétrus 3:4) Nèk ana masalah sing perlu diomongké, istri bakal nggolèk wektu sing cocog lan ngomong apik-apik.—Pengkhotbah 3:7.
Kudu Setya karo Bojoné
”Wong lanang bakal . . . urip bareng karo bojoné, lan loro-loroné bakal dadi siji.”—PURWANING DUMADI 2:24.
Suami karo istri kuwi kuduné hubungané cedhak banget. Dadi bèn isa bahagia, suami istri kudu kerep omong-omongan, nyritakké perasaané, lan padha-padha nggatèkké. Suami istri kudu setya lan ora nindakké hubungan sèks karo wong liya. Nèk suami utawa istri ora setya, kuwi isa nglarani atiné bojoné lan keluargané isa berantakan.—Ibrani 13:4.
Wong Tuwa Kudu Ngajari Anaké
”Cah enom kudu mbok ajari bèn isa nindakké sing bener. Nganti tuwa dhèwèké ora bakal nindakké sing ora bener.”—WULANG BEBASAN 22:6.
Gusti Allah mènèhi tugas wong tuwa ngajari anaké. Wong tuwa kudu ngajari anaké bèn nduwé sifat-sifat sing apik. Wong tuwa ya kudu dadi conto sing apik. (Pangandharing Torèt 6:6, 7) Wektu anaké nggawé kesalahan, wong tuwa sing apik ora langsung nesu-nesu. Wong tuwa ”kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong, lan ora gampang nesu”. (Yakobus 1:19) Nèk wong tuwa arep ngandhani anaké, ngomongé kudu apik-apik lan ora karo nesu-nesu.
Anak Kudu Manut karo Wong Tuwa
”Bocah-bocah, kowé kudu manut karo wong tuwamu . . . ’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.’”—ÉFÉSUS 6:1, 2.
Anak kudu manut lan ngajèni wong tuwané. Nèk anak ngajèni wong tuwané, keluargané bakal bahagia lan ayem. Anak sing wis gedhé isa mastèkké keadaané wong tuwané tetep apik, mungkin isa mbantu ngrawat omahé utawa mènèhi dhuwit.—1 Timotius 5:3, 4.