KANGGO WONG TUWA
8: Dadi Conto
MAKSUDÉ
Wong tuwa kuduné ora mung ngajari, tapi ya isa nglakoni. Misalé nèk péngin anaké jujur, wong tuwa ya kudu jujur.
”Anak-anak kuwi kaya spons, meréka mesthi niru wong tuwané. Dadi ora isa nèk wong tuwané mung ngongkon-ngongkon thok tapi ora nglakoni.”—David.
AYAT: ”Kowé ngomong, ’Aja nyolong,’ ning ngapa kok kowé dhéwé malah nyolong?”—Roma 2:21.
NGAPA KOK PENTING
Sing pertama ditiru anak-anak kuwi ya wong tuwané. Makané wong tuwa kudu dadi conto sing apik kanggo anaké.
”Anak-anak kuwi nggatèkké wong tuwané. Nèk wong tuwa kelakuané ora sesuai karo omongané, anak-anak ki ngerti.”—Nicole.
AYAT: ”Kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi . . . ora munafik.”—Yakobus 3:17.
KUDU PIYÉ
Kelakuané kudu bener. Wong tuwa kuduné ora mung ngomong thok, tapi ya isa dadi conto sing apik. Misalé pikirna, ’Film-film sing tak tonton apik apa ora? Apa aku apikan karo bojo lan anakku? Kanca-kancaku wongé kaya apa? Apa aku perduli karo wong liya?’
”Sing tak ajarké kanggo anak-anakku, ya kuwi sing tak lakoni.”—Christine.
Nèk salah ya njaluk ngapura. Nèk wong tuwa ora gèngsi njaluk ngapura, anak-anak ya bakal niru. Meréka bakal dadi wong sing jujur lan rendah hati.
”Nèk wong tuwa ora gelem ngakoni kesalahané lan ora gelem njaluk ngapura, anaké ya bakal niru. Mengko nèk dhèwèké nggawé kesalahan, mesthi bakal ditutup-tutupi.”—Robin.
”Wong tuwa kudu ngekèki conto sing apik, merga anak-anak mesthi nggatèkké kelakuané wong tuwané.”—Wendell.