KANGGO WONG TUWA
5: Komunikasi
MAKSUDÉ
Antara wong tuwa karo anak, kudu isa terbuka nyritakké sing dirasakké.
NGAPA KOK PENTING
Pas anak-anak isih cilik, biasané kabèh-kabèh dicritakké karo wong tuwané. Tapi pas wis saya gedhé, dadi ora gelem crita manèh. Padahal meskipun kétoké ora gelem crita, sakjané anak-anak tetep butuh crita.
KUDU PIYÉ
Selalu siap ngrungokké. Gelem ngrungokké critané anak-anak meskipun wis bengi banget.
”Aja ngomong karo anak, ’Wis bengi kok lagi crita? Ora kèt mau lho!’ Wong tuwa kuduné seneng anaké gelem crita.”—Lisa.
”Sakjané aku ki senengé turu gasik. Tapi merga anakku seneng ngobrolé bengi-bengi, ya ora apa-apa.”—Herbert.
AYAT: ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”—1 Korintus 10:24.
Aja disambi. Ana bapak-bapak sing ngomong, ”Kadhang-kadhang pas anakku crita, aku malah mikirké sing liyané. Nah, mengko anak-anak wegah crita manèh.”
Wektu omong-omongan karo anak, aja disambi karo nonton TV utawa dolanan HP. Meskipun kétoké critané ora penting, kudu tetep dirungokké tenanan.
”Wong tuwa kudu berusaha bèn anak-anaké yakin critané bakal dirungokké. Dadi mengko nèk ana apa-apa, anak-anak bakal crita karo wong tuwané, ora dipendhem dhéwé utawa malah crita karo wong liya.”—Maranda.
”Nèk anak-anak nggawé kesalahan, aja langsung disenèni.”—Anthony.
AYAT: ”Kowé kudu ngrungokké tenanan.”—Lukas 8:18.
Ajaken ngobrol pas suasanané santai. Biasané anak-anak isa luwih terbuka nèk suasanané ora tegang.
”Aku karo anakku biasané ngobrol pas ing mobil.”—Nicole.
Pas mangan bareng ya isa ngobrol karo anak-anak.
”Pas makan malam, aku sak keluarga biasané crita dina kuwi ngapa waé. Akhiré kami dadi tambah akrab.”—Robin.
AYAT: ”Kudu cepet ngrungokké [lan] ora kesusu ngomong.”—Yakobus 1:19.