KANGGO WONG TUWA
6: Ndhidhik Anak
MAKSUDÉ
Anak-anak kudu diajari sing bener bèn isa nggawé keputusan sing bener. Terus, nèk salah ya kudu dikandhani.
NGAPA KOK PENTING
Jaman saiki ana akèh wong tuwa sing anaké disayang banget, malah nganti ora tau dihukum utawa ora tau disenèni. Padahal kuduné wong tuwa tetep ngandhani lan ndhidhik anaké bèn manut.
”Bèn dadi wong sing bertanggung jawab, anak-anak kudu diatur. Nèk ora ngono, anak-anak isa dadi kaya kapal sing ora disetiri, mengko kapalé isa nabrak-nabrak.”—Pamela.
KUDU PIYÉ
Kudu tegas. Nèk anak-anak ora gelem diatur, kudu dihukum. Tapi nèk gelem manut, kudu dipuji.
”Jaman saiki akèh anak-anak ora gelem diatur. Dadi nèk anakku manut, ya mesthi tak puji. Nèk kerep dipuji, anak-anak dadi luwih gampang dikandhani wong tuwané.”—Christine.
AYAT: ”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.”—Galatia 6:7.
Hukumané sing sesuai. Nèk kesalahané sepélé, ya aja digedhèk-gedhèkké. Nèk ngekèki hukuman, kudu sesuai karo umuré anaké. Terus hukumané ya kudu ana hubungané karo kesalahané. Misalé, nèk anaké kakèhan dolanan HP, ya HP-né disita sik.
”Nèk anak-anak salah, wong tuwa kudu ngerti sik dhèwèké sengaja apa ora. Dadi wong tuwa isa ngerti, dhèwèké kudu dikandhani thok apa kudu dihukum.”—Wendell.
AYAT: ”Aja nggawé anak-anakmu lara ati, bèn anak-anakmu ora cilik ati.”—Kolose 3:21.
Kudu sayang. Nèk anak-anak ngrasa disayang, mesthi luwih gampang manut karo wong tuwané.
”Pas anakku nggawé kesalahan, aku ngomong karo dhèwèké, ’Bapak karo ibu tetep sayang karo kowé.’”—Daniel.
AYAT: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi sabar lan apikan.”—1 Korintus 13:4.