KANGGO CAH ENOM
12: Nduwé Cita-Cita
MAKSUDÉ
Nèk nduwé cita-cita, berarti aja mung péngin thok. Kowé ya kudu nggawé rencana, gelem nggawé penyesuaian, lan gelem kerja keras bèn cita-citamu kelakon.
Cita-cita kuwi ora isa langsung kelakon. Kuwi butuh wektu lan upaya.
NGAPA KOK PENTING
Nèk cita-citamu kelakon, kowé isa luwih percaya diri, isa nduwé kanca, lan isa luwih bahagia.
Percaya diri: Nèk cita-citamu wis kelakon, kowé mesthi dadi péngin nduwé cita-cita sing luwih dhuwur. Terus, kowé ya bakal dadi luwih percaya diri wektu ngadhepi tantangan.
Nduwé kanca: Nèk kowé nduwé cita-cita, terus ya gelem ngupayakké bèn cita-cita kuwi terwujud, wong mesthi seneng cedhak karo kowé. Malah nèk kowé karo sahabatmu nduwé cita-cita sing padha, mesthi akhiré bakal dadi tambah akrab.
Bahagia: Nèk cita-citamu wis kelakon, mesthi rasané bahagia.
”Aku seneng nduwé cita-cita. Aku dadi nduwé kesibukan lan nduwé tujuan. Terus nèk cita-citané wis kelakon, rasané puas banget.”—Christopher.
AYAT: ”Wong sing ngamati angin ora bakal nyebar benih, lan wong sing ngamati awan ora bakal manèn.”—Pengkhotbah 11:4.
KUDU PIYÉ
Bèn cita-citamu kelakon, upayakna iki:
Milih cita-cita. Nggawéa daftar apa waé cita-citamu, terus urutna endi sing péngin mbok upayakké sik.
Nggawé rencana.
-
Ngekèki bates wektu kapan cita-cita kuwi kudu kelakon.
-
Tulisen langkah-langkah apa waé sing kudu mbok upayakké.
-
Pikirna tantangan apa sing isa waé muncul lan piyé carané ngatasi.
Aja ditunda. Nèk rencanané wis digawé, ya ndang diupayakké. Nèk langkah pertama wis berhasil, ndang langsung upayakna langkah-langkah berikuté.
AYAT: ”Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil.”—Wulang Bebasan 21:5.