KANGGO CAH ENOM
11: Rajin
MAKSUDÉ
Wong sing rajin kuwi seneng kerja keras kanggo nyukupi kebutuhané lan kanggo mbantu wong liya. Terus, dhèwèké ya ora pilih-pilih gawéan.
NGAPA KOK PENTING
Saiki akèh wong padha kesèd. Dadi nèk kowé rajin, mesthi akèh manfaaté.—Pengkhotbah 3:13.
”Nèk aku wis kerja keras, rasané mesthi puas. Akhiré aku dadi menikmati gawéanku. Terus, wong liya ya dadi ngerti nèk aku wongé rajin.”—Reyon.
AYAT: ”Kabèh kerja keras kuwi ana manfaaté.”—Wulang Bebasan 14:23.
KUDU PIYÉ
Bèn isa luwih menikmati gawéanmu, kowé kudu:
Nggarap apa-apa sing tenanan. Embuh kuwi gawéan ing omah, nggarap PR, utawa nyambut gawé, kudu sing tenanan. Aja mikir, ’Ah sing penting rampung.’ Terus aja mikir, ’Sing penting wis isa.’ Tapi, kowé ya kudu berusaha bèn luwih trampil. Hasilé, kowé mesthi bakal luwih puas.
AYAT: ”Apa kowé tau ndelok wong sing trampil nyambut gawé? Dhèwèké bakal dadi abdiné raja. Dhèwèké ora bakal dadi abdiné wong biasa.”—Wulang Bebasan 22:29.
Mikirké manfaaté kanggo wong liya. Nèk kowé ngrampungké tugasmu, wong liya ya mesthi seneng. Misalé, nèk gawéanmu ing omah mbok rampungi, kowé isa meringankan bebané wong tuwa.
AYAT: ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”—Kisah 20:35.
Inisiatif. Nèk ora tau inisiatif, kowé bakal ngrasa nèk kowé dikongkon-kongkon terus. Tapi nèk kowé inisiatif, kowé bakal ngrasa luwih puas.—Matius 5:41.
AYAT: ”Kowé nindakké apa sing apik merga réla, dudu merga kepeksa.”—Filémon 14.
Kudu seimbang. Wong sing rajin kuwi ora berarti kerja terus, tapi ya ana wektu kanggo istirahat lan santai.
AYAT: ”Luwih apik istirahat sedhéla timbang kerja keras akèh, merga kuwi kaya ngupaya ngoyak angin.”—Pengkhotbah 4:6.