Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Fakta soal Alam Semesta

Fakta soal Alam Semesta

Para ahli sing nliti benda-benda langit takjub banget pas ngamati ruang angkasa. Bahkan, alat-alat sing dienggo mempelajari kuwi digawé luwih canggih. Apa sing wis dipelajari para ahli kuwi?

Alam semesta iki teratur. Ing majalah Astronomy, ana artikel sing nyebutké, ”Galaksi-galaksi ing alam semesta iki ora berantakan, tapi kaya ana polané.” Kok isa? Menurut para ilmuwan, ing alam semesta iki ana sing disebut matèri gelap. Matèri gelap kuwi kaya ”rangka sing marahi . . . galaksi, gugus galaksi, lan supergugus galaksi . . . tersusun rapi ing panggonané”.

Mosok alam semesta sing teratur kaya ngono ujug-ujug ana dhéwé? Coba pikirna pendapaté Allan Sandage. Dhèwèké kuwi peneliti luar angkasa sing terkenal lan percaya nèk Gusti Allah kuwi ana.

Dhèwèké tau ngomong, ”Alam semesta sing teratur, ora mungkin ujug-ujug ana dhéwé. Mesthiné kuwi ana sing ngatur.”

Setèlané alam semesta iki wis pas. Menurut para ilmuwan, matahari isa terus terbakar lan suhuné ya stabil merga ana sing disebut gaya nuklir lemah. Nèk misalé gaya kuwi kekuwatané luwih lemah, ora bakal ana matahari. Tapi nèk kekuwatané luwih gedhé, matahari mesthi wis hancur kèt mbiyèn-mbiyèn.

Sakliyané gaya nuklir lemah kuwi, ing alam semesta iki ana gaya-gaya liyané sing setèlané wis pas. Penulis karya ilmiah sing jenengé Anil Ananthaswamy ngomong nèk misalé gaya-gaya kuwi mau kekuwatané luwih gedhé utawa luwih lemah sithik waé, ”ora bakal ana bintang, planèt, lan galaksi. Kuwi berarti ora ana kehidupan”.

Bumi iki cocog dienggoni manungsa. Campuran gas ing lapisan atmosfér bumi jumlahé pas. Ing bumi jumlah banyuné ya pas. Ukurané bulan ya pas makané posisiné bumi isa tetep stabil. Menurut National Geographic, ”Nèk dipelajari saka ilmu soal bumi, lingkungan, lan makhluk hidup, kesimpulané mung bumi sing cocog dienggoni manungsa.” *

Menurut salah siji penulis, tata surya kuwi posisiné ”adoh saka bintang-bintang liyané” ing galaksi Bima Sakti. Nèk tata surya iki luwih cedhak karo bintang-bintang liyané, misalé ing tengah utawa pinggirané galaksi, manungsa isa mati merga kena radiasiné bintang-bintang kuwi. Tapi merga bumi iki panggonané wis pas ing galaksi iki, makané manungsa isa urip ing bumi.

Ana ahli fisika sing jenengé Paul Davies sing mempelajari soal alam semesta karo hukum alam. Dhèwèké ngomong, ”Ora mungkin manungsa ana ing alam semesta mung merga kebetulan, ujug-ujug ana, utawa hasil saka ledakan ing luar angkasa. . . . Mémang kèt awal, manungsa wis dirancang bèn manggoné ing bumi.” Davies ora ngomong nèk langit, bumi, karo manungsa kuwi diciptakké Gusti Allah. Tapi saka omongané, menurut njenengan piyé? Kok isa ya rancangané alam semesta karo bumi iki cocog kanggo kehidupan? Apa mémang kuwi kabèh ana sing ngrancang?

^ par. 8 Artikel ing National Geographic kuwi ora lagi mbahas soal Gusti Allah nyiptakké bumi karo manungsa. Tapi, mung njelaské nèk bumi iki sing cocog dienggoni manungsa.