Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sèl ragi kuwi rumit banget. Ing sèl ragi, ana inti sèl sing isiné DNA sing ngatur kabèh prosès ing sèl, mulai saka misah-misahké zat, nyalurké zat kuwi, terus ngubah zat kuwi dadi panganan.

Fakta soal Makhluk Hidup

Fakta soal Makhluk Hidup

Bumi iki béda karo planèt liyané soalé ana akèh makhluk hidup. Makhluk hidup kuwi bertumbuh, bergerak, lan berkembang biak. Wong-wong saiki ya isa ngerti luwih akèh soal makhluk hidup. Nah, makhluk hidup ujug-ujug ana dhéwé utawa ana sing nyiptakké? Ayo ndelok fakta-faktané.

Makhluk hidup kuwi rumit banget. Makhluk hidup tersusun saka bagéan-bagéan sing cilik banget sing disebut sèl. Ing saben sèl kuwi, ana prosès sing rumit banget sing marakké makhluk hidup isa tetep urip lan berkembang biak. Makhluk hidup sing paling sederhana ya nduwé sèl, misalé ragi roti. Ragi roti kuwi organisme bersèl tunggal. Nèk dibandhingké karo sèlé manungsa, sèl ragi kétoké sederhana, tapi sakjané rumit banget. Ing sèl ragi, ana inti sèl sing isiné DNA. DNA ngatur kabèh prosès ing sèl, mulai saka misah-misahké zat, nyalurké zat kuwi, terus ngubah zat kuwi dadi panganan bèn sèl kuwi isa tetep urip. Nèk kentèkan panganan, sèl kuwi kegiatané dadi luwih lambat lan dadi ora aktif. Makané, ragi isa disimpen suwé tapi ora mati. Ragi kuwi isa aktif manèh pas dienggo nggawé roti.

Para ilmuwan wis bertaun-taun mempelajari sèl ragi bèn luwih ngerti soal sèlé manungsa. Tapi, isih ana akèh sing durung dipahami. Ross King, profésor ing Chalmers University of Technology ing Swedia ngomong, ”Sèl ragi kétoké sederhana, tapi penelitian soal sèl kuwi rumit banget. Nèk mung ditliti karo para ahli biologi sing ana saiki, kuwi ora cukup.”

Bar ngrembug soal sèl ragi sing rumit banget mau, saiki menurut njenengan piyé? Sèl ragi ujug-ujug ana dhéwé utawa ana sing nggawé?

Kabèh makhluk hidup nduwé DNA. DNA disusun saka molekul-molekul sing disebut nukléotida. Saben sèlé manungsa nduwé 3,2 milyar nukléotida. Nukléotida-nukléotida kuwi mbentuk pola tertentu sing marakké sèl isa nggawé ènzim lan protéin.

Bahkan pola sing paling sederhana waé ora mungkin ujug-ujug terbentuk dhéwé. Nèk misalé isa, kemungkinané 1 bandhing 10150 (1 terus ing mburiné ana angka 0 cacahé 150).

Ora ana ilmuwan sing isa mbuktèkké nèk benda mati isa ujug-ujug dadi makhluk hidup.

Manungsa béda karo makhluk hidup liyané. Manungsa isa menikmati kehidupan lan ngrasa bahagia. Kuwi sing marakké manungsa béda karo makhluk hidup liyané. Manungsa nduwé kemampuan belajar seni, bergaul, lan ngungkapké perasaané. Manungsa ya isa menikmati macem-macem rasa, aroma, werna, swara, lan pemandangan. Bahkan, manungsa isa mikirké piyé uripé sukmbèn lan piyé bèn isa bahagia.

Menurut téori évolusi, manungsa ana mung kanggo bertahan hidup lan berkembang biak. Nèk mémang ngono, lha ngapa kok ndadak nduwé kemampuan-kemampuan kanggo menikmati kehidupan? Nèk sampèk manungsa nduwé kemampuan-kemampuan kuwi, berarti kuwi anugrah saka sing nggawé manungsa, ta? Piyé menurut njenengan?