Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 32

Rendah Hati Wektu Nglayani Yéhuwah

Rendah Hati Wektu Nglayani Yéhuwah

’Tumindaka andhap-asor [utawa, rendah hati] ana ing ngarsané Allahmu!’​—MI. 6:8.

LAGU 31 Aku Isa Cedhak Gusti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Daud ngomong apa soal sipat rendah hatiné Yéhuwah?

YÉHUWAH kuwi Gusti Allah sing rendah hati. Awaké dhéwé isa yakin soal kuwi nèk nggatèkké kata-katané Daud sing kandha, ”Kawula ugi Paduka paringi tamènging karahayon kawula, lan sihkadarman [”rendah hati”, NWT] Paduka sampun ngagungaken kawula.” (2 Sa. 22:36; Ms. 18:36) Wektu nulis kata-kata kuwi, Daud mungkin kèlingan pas Samuèl teka ing omahé kanggo nglantik wong sing bakal dadi raja ing Israèl. Senajan Daud kuwi anak ragil, ning dhèwèké kuwi sing dipilih Yéhuwah kanggo dadi raja nggantèni Raja Saul.​—1 Sa. 16:1, 10-13.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Alkitab kandha, ’[Yéhuwah] kang ngesoraké sarira prelu nguningani, swarga lan bumi. Wong asor dijunjung saka ing lebu lan wong mlarat kalungguhaké awor lan para panggedhé.’ Daud mesthi ya setuju karo kata-katané sing nulis Jabur kuwi. (Ms. 113:6-8) Apa waé buktiné nèk Yéhuwah kuwi rendah hati lan piyé carané awaké dhéwé isa niru Yéhuwah? Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka pengalamané Raja Saul, Nabi Danièl, lan Yésus?

SINAU SAKA YÉHUWAH

3. Apa waé sing ditindakké Yéhuwah marang umaté, lan kuwi nduduhké apa?

3 Awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi rendah hati nèk nggatèkké tumindaké Yéhuwah marang umaté sing ora sampurna. Yéhuwah ora mung gelem nampa ibadahé awaké dhéwé, ning Dhèwèké ya gelem nganggep awaké dhéwé dadi sahabaté. (Ms. 25:14) Yéhuwah nganti gelem masrahké Putrané kanggo dadi tebusan bèn awaké dhéwé isa dadi sahabaté Yéhuwah. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo awaké dhéwé.

4. Yéhuwah wis mènèhi apa marang awaké dhéwé, lan apa sebabé?

4 Apa manèh buktiné nèk Yéhuwah kuwi rendah hati? Sakjané, Yéhuwah isa waé nyiptakké manungsa bèn manut karo kabèh préntahé Yéhuwah. Ning, Yéhuwah ora kaya ngono. Yéhuwah ngrancang awaké dhéwé bèn isa nduwé sipat sing padha kaya Dhèwèké lan mènèhi awaké dhéwé kebébasan kanggo milih. Senajan manungsa kuwi ora ana apa-apané nèk dibandhingké Yéhuwah, ning Yéhuwah nganggep penting keputusan-keputusan sing digawé karo manungsa. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nggawé pilihan kanggo nglayani Dhèwèké merga awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah lan ngerti nèk manut karo Dhèwèké kuwi akèh manfaaté. (PT. 10:12; Yé. 48:17, 18) Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah kuwi rendah hati.

Yésus lan 144.000 wong sing ana ing swarga lagi ndelok para malaékat sing jumlahé akèh banget. Ana para malaékat sing lunga menyang bumi kanggo nindakké tugasé. Yéhuwah masrahké tugas marang Yésus lan 144.000 wong kuwi (Deloken artikel pelajaran 32, paragraf 5)

5. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi rendah hati? (Deloken gambar ing halaman 1.)

5 Saka tumindaké marang ciptaané, Yéhuwah mènèhi conto kanggo umaté soal sipat rendah hati. Apa buktiné? Yéhuwah nduwé kawicaksanan sing ora ana tandhingané. Ning, Yéhuwah tetep gelem nampa saran saka liyané. Misalé, Yéhuwah gelem dibantu karo Yésus wektu nyiptakké alam semesta. (WB. 8:27-30; Kol. 1:15, 16) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya nduwé kuwasa sing ora ana tandhingané. Ning, Yéhuwah gelem masrahké tugas marang liyané. Misalé, Yéhuwah milih Yésus kanggo dadi Raja ing Kratoné Allah lan bakal mènèhi tanggung jawab marang 144.000 wong kanggo dadi raja bareng karo Yésus. (Luk. 12:32) Yéhuwah mesthi wis nglatih Yésus kanggo dadi Raja lan Imam Agung. (Ibr. 5:8, 9) Yéhuwah mesthi ya nglatih 144.000 wong bèn isa mréntah bareng karo Yésus. Senajan ngono, Yéhuwah ora bakal ngatur-ngatur wong-wong kuwi wektu nindakké tanggung jawabé. Ning, Yéhuwah bener-bener percaya nèk Yésus lan 144.000 wong kuwi bakal nindakké kepénginané.​—Why. 5:10.

Nèk awaké dhéwé gelem nglatih wong liya lan masrahké tugas marang wong liya, kuwi berarti awaké dhéwé wis niru contoné Yéhuwah (Deloken paragraf 6-7) *

6-7. Piyé carané para kepala keluarga, pinituwa, lan wong tuwa isa niru contoné Yéhuwah?

6 Nèk Yéhuwah sing mahakuwasa waé gelem masrahké tugas marang liyané, apa manèh awaké dhéwé. Misalé, nèk njenengan dadi kepala keluarga utawa pinituwa, apa njenengan ya gelem niru Yéhuwah? Njenengan isa masrahké tugas marang liyané lan ora perlu ngatur-ngatur dhèwèké wektu nindakké tugasé. Kuwi ora mung mbantu njenengan bèn isa ngrampungké tugas, ning njenengan ya isa nglatih wong liya lan mbantu wong kuwi bèn isa luwih percaya diri wektu nindakké tugasé. (Yé. 41:10) Apa manèh sing isa disinaoni saka Yéhuwah?

7 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah gelem ngrungokké saran saka para malaékat. (1 Ra. 22:19-22) Piyé carané wong tuwa isa niru Yéhuwah? Mungkin, sakwisé mènèhi tugas marang anaké njenengan, njenengan isa takon pendapaté anaké njenengan soal carané nindakké tugas kuwi. Nèk cocog, cara kuwi isa ditindakké.

8. Apa buktiné nèk Yéhuwah tetep sabar marang Abraham lan Sara?

8 Awaké dhéwé ya isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi rendah hati nèk nggatèkké tumindaké Yéhuwah sing sabar marang umaté. Misalé, Yéhuwah tetep sabar wektu ana umaté sing ora setuju karo keputusané. Apa buktiné? Yéhuwah tetep gelem ngrungokké pendapaté Abraham wektu dhèwèké ora setuju karo keputusané Yéhuwah kanggo nyirnakké kutha Sodom lan Gomora. (Pd. 18:22-33) Bukti liyané, awaké dhéwé isa ngerti saka tumindaké Yéhuwah marang Sara. Wektu Yéhuwah janji nèk Sara bakal nduwé keturunan, Sara malah ngguyu. Ning, Yéhuwah ora nesu karo Sara. (Pd. 18:10-14) Yéhuwah tetep ngajèni Sara.

9. Apa sing isa disinaoni karo para wong tuwa lan pinituwa saka contoné Yéhuwah?

9 Para wong tuwa lan pinituwa, apa sing isa njenengan sinaoni saka contoné Yéhuwah? Apa sing bakal njenengan tindakké nèk anaké njenengan utawa sedulur-sedulur ing jemaat ora setuju karo keputusané njenengan? Apa njenengan bakal langsung kandha nèk pendapaté wong kuwi salah? Apa njenengan ngupaya ngertèni apa sebabé dhèwèké nduwé pendapat kaya ngono? Nèk njenengan niru contoné Yéhuwah, keluargané njenengan lan para sedulur ing jemaat mesthi bakal ngrasakké manfaaté. Awaké dhéwé wis ngrembug piyé carané awaké dhéwé isa niru Yéhuwah sing nduwé sipat rendah hati. Saiki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing isa disinaoni saka pengalamané umaté Yéhuwah.

SINAU SAKA PENGALAMANÉ UMATÉ YÉHUWAH

10. Piyé Alkitab isa mbantu awaké dhéwé?

10 Yéhuwah kuwi ’Pamulang’ sing Agung. Liwat Alkitab, Yéhuwah nyedhiakké akèh conto kanggo mulang awaké dhéwé. (Yé. 30:20, 21) Saka kono, awaké dhéwé isa sinau soal pengalamané umaté Yéhuwah sing nduduhké sipat rendah hati, lan sing gagal nduduhké sipat kuwi.​—Ms. 37:37; 1 Kor. 10:11.

11. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Saul?

11 Gatèkna pengalamané Raja Saul. Awalé, dhèwèké kuwi wong sing rendah hati. Malah, Saul ya ngrasa ora pantes wektu arep diwènèhi tugas merga dhèwèké sadhar nèk ana perkara sing ora isa dhèwèké tindakké. (1 Sa. 9:21; 10:20-22) Ning, sakwisé dadi raja, Saul dadi sombong lan tumindak lancang. Misalé, Saul dadi ora sabar wektu ngentèni Samuèl sing ora teka-teka. Kuduné Saul njaluk petunjuké Yéhuwah soal apa sing kudu ditindakké. Ning, dhèwèké malah langsung mènèhi korban bakaran, padahal kuwi dudu wewenangé. Akibaté, Yéhuwah dadi nesu lan nggolèk wong liya kanggo dadi raja nggantèni Saul. (1 Sa. 13:8-14) Nèk sinau saka pengalamané Saul, awaké dhéwé mesthi péngin ngupaya bèn ora sombong lan ora tumindak lancang.

12. Apa buktiné nèk Danièl kuwi wong sing rendah hati?

12 Ora kaya Saul, Nabi Danièl terus dadi wong sing rendah hati. Dhèwèké ya mesthi njaluk petunjuké Yéhuwah. Misalé, wektu njelaské arti mimpiné Nébukhadnézar, Danièl ora nganggep kuwi hasil upayané dhèwèké dhéwé. Ning, Danièl kandha nèk dhèwèké isa nindakké kuwi merga dibantu karo Yéhuwah. (Dn. 2:26-28) Apa sing isa disinaoni? Kaya Danièl, awaké dhéwé ya bakal muji Yéhuwah wektu ana sedulur sing kagum karo ceramahé awaké dhéwé utawa nèk awaké dhéwé berhasil ing gawéan nginjil. Awaké dhéwé kudu rendah hati lan sadhar nèk awaké dhéwé isa berhasil nindakké kuwi kabèh merga bantuané Yéhuwah. (Flp. 4:13) Nèk nduduhké sipat rendah hati, kuwi berarti awaké dhéwé ya niru contoné Yésus. Kok isa?

13. Nurut Yohanes 5:19, 30, apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka Yésus?

13 Yésus ngendelké Yéhuwah senajan dhèwèké kuwi Putrané Gusti Allah sing sampurna. (Wacanen Yohanes 5:19, 30.) Yésus ora tau nduwé kepénginan kanggo ngrebut wewenangé Yéhuwah. Kuwi cocog karo Filipi 2:6 sing kandha nèk Yésus ”ora tau mikir kanggo ngrebut kedudukané Gusti Allah supaya isa dadi padha karo Gusti Allah”. Dhèwèké ya ngakoni nèk wewenangé Yéhuwah kuwi luwih dhuwur ketimbang dhèwèké.

Yésus sadhar nèk wewenangé ana batesé (Deloken paragraf 14)

14. Piyé tanggepané Yésus wektu ana sing njaluk dhèwèké nindakké perkara sing dudu wewenangé?

14 Yésus rendah hati lan sadhar nèk wewenangé ana batesé. Dhèwèké ya ora tau nindakké perkara sing dudu haké. (Yoh. 12:49) Misalé, Yakobus, Yohanes, lan ibuké wong loro kuwi tau njaluk bèn Yésus nindakké perkara sing dudu wewenangé. Wektu kuwi, Yésus langsung kandha nèk mung Yéhuwah sing nduwé wewenang kanggo nemtokké sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengené Yésus ing Kratoné Allah. (Mat. 20:20-23) Piyé carané awaké dhéwé isa niru contoné Yésus?

Piyé carané awaké dhéwé niru contoné Yésus sing rendah hati? (Deloken paragraf 15-​16) *

15-16. Piyé carané ngetrapké naséhat ing 1 Korintus 4:6?

15 Awaké dhéwé isa niru contoné Yésus nèk ngetrapké naséhat ing 1 Korintus 4:6. Ayat kuwi kandha, ”Aja ngungkuli perkara-perkara sing wis ditulis.” Misalé, wektu ana sing njaluk naséhat, awaké dhéwé ora bakal mènèhi naséhat nurut pendapaté awaké dhéwé utawa langsung mènèhi naséhat tanpa ngerti kabèh faktané. Ning, awaké dhéwé kudu nggunakké Alkitab lan publikasi-publikasi kanggo mènèhi naséhat. Nèk nindakké kuwi, kuwi berarti awaké dhéwé sadhar nèk ana perkara-perkara sing ora awaké dhéwé ngertèni. Kuwi ya nduduhké nèk awaké dhéwé rendah hati lan nganggep nèk naséhat saka Yéhuwah kuwi luwih apik ketimbang naséhat saka awaké dhéwé.​—Why. 15:3, 4.

16 Nèk nduduhké sipat rendah hati, awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah. Ning, ora mung kuwi. Saiki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé nèk nduduhké sipat rendah hati kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi bahagia lan rukun karo para sedulur.

MANFAATÉ NÈK NDUDUHKÉ SIPAT RENDAH HATI

17. Apa sebabé nèk nduduhké sipat rendah hati isa nggawé bahagia?

17 Nèk nduduhké sipat rendah hati, awaké dhéwé bakal ngrasa luwih bahagia. Apa sebabé? Awaké dhéwé sadhar nèk ana sing ora isa awaké dhéwé tindakké. Mula, awaké dhéwé mesthi seneng lan bersyukur merga isa dibantu karo wong liya. Misalé, awaké dhéwé isa mbayangké peristiwa wektu Yésus marèkké wong sepuluh sing lara kusta. Wektu kuwi, mung siji sing ngomong maturnuwun marang Yésus. Wong kuwi sadhar nèk dhèwèké dhéwé ora bakal isa marèkké penyakit kustané kuwi. Mula, wong lanang kuwi ngucapké maturnuwun lan ngluhurké Gusti Allah.​—Luk. 17:11-19.

18. Apa sebabé wong sing rendah hati biasané nduwé akèh kanca lan isa rukun karo wong liya? (Roma 12:10)

18 Wong sing rendah hati biasané bakal nduwé akèh kanca lan isa rukun karo wong liya. Apa sebabé? Merga dhèwèké percaya marang wong liya lan gelem ngakoni nèk wong liya nduwé sipat-sipat sing apik. Wong sing rendah hati ya bakal ngrasa seneng lan gelem mènèhi pujian marang wong liya sing berhasil nindakké tugasé.​—Wacanen Roma 12:10.

19. Wong sing sombong kuwi kaya apa?

19 Wong sing sombong béda karo wong sing rendah hati. Wong sing sombong jarang mènèhi pujian marang wong liya lan malah luwih seneng ngunggulké dhèwèké dhéwé. Dhèwèké ya kerep mbandhing-mbandhingké lan nganggep wong liya dadi saingané. Wong sing sombong biasané ora gelem masrahké tugas marang wong liya. Apa sebabé? Merga dhèwèké ngrasa nèk mung dhèwèké sing isa berhasil nindakké tugas kuwi. Wong sing sombong ya ngrasa luwih unggul ketimbang wong liya lan ngrasa mèri wektu wong liya luwih berhasil nindakké tugas. (Gal. 5:26) Wong sing kaya ngono kuwi ora bakal nduwé akèh kanca. Nèk awaké dhéwé mulai ngrasa dadi wong sing sombong, awaké dhéwé kudu ndonga bèn isa ’ngowahi cara mikir’ lan tetep rendah hati.​—Rm. 12:2.

20. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nduduhké sipat rendah hati?

20 Awaké dhéwé bersyukur merga Yéhuwah wis mènèhi conto soal sipat rendah hati. Nèk nggatèkké tumindaké Yéhuwah marang umaté, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah nduduhké sipat rendah hati. Kuwi ya nggawé awaké dhéwé péngin niru Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi ya péngin niru umaté Yéhuwah sing wis berhasil nduduhké sipat rendah hati. Muga-muga awaké dhéwé isa terus ngluhurké Yéhuwah. (Why. 4:11) Nèk nindakké kuwi kabèh, awaké dhéwé isa dadi sahabaté Yéhuwah nganti saklawasé merga Yéhuwah sayang karo umaté sing rendah hati.

LAGU 123 Setya Manut marang Gusti

^ par. 5 Wong sing rendah hati biasané perduli marang wong liya. Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ya rendah hati merga Dhèwèké perduli marang umaté. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané niru Yéhuwah sing nduduhké sipat rendah hati. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sing isa disinaoni saka pengalamané Raja Saul, Nabi Danièl, lan Yésus.

^ par. 58 GAMBAR: Ana pinituwa sing lagi nglatih sedulur enom kanggo ngurusi dhaérah nginjilé jemaat. Dhèwèké percaya lan ora ngatur-ngatur sedulur enom kuwi wektu nindakké tugasé.

^ par. 62 GAMBAR: Sedulur wédok sing éntuk undangan kanggo teka ing acara pernikahan sing dianakké ing gréja. Sedulur wédok kuwi takon marang pinituwa soal apa sing kudu dhèwèké tindakké. Pinituwa kuwi ora mènèhi pendapaté dhéwé ning nduduhké pathokané Alkitab marang dhèwèké.