Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nyambut Gawé Bareng Yéhuwah Marahi Bungah

Nyambut Gawé Bareng Yéhuwah Marahi Bungah

”Aku, sing nyambutgawé bebarengan karo Gusti Allah, aku nyuwun tenanan marang kowé kabèh: mbok kawelasané Gusti Allah marang kowé aja digawé muspra.”​—2 KR. 6:1, Basa Jawa Suriname (BJS).

LAGU: 28, 14

1. Senajan Mahakwasa, Yéhuwah ngajak wong nindakké apa?

YÉHUWAH kuwi Mahakwasa. Yéhuwah nggawé jagat sak isiné. Kawicaksanan lan kwasané ora ana watesé. Bar Yéhuwah mbantu Ayub ngerti bab mau, Ayub kandha, ”Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis, saha boten wonten karsa Paduka ingkang kénging kabadal.” (Ay. 42:2) Yéhuwah isa nindakké apa waé tanpa bantuané wong liya. Ning, merga tresna, Yéhuwah ngajak wong nyambut gawé bareng bèn kersané kelakon.

2. Yéhuwah ngongkon Yésus nindakké tugas penting apa?

2 Gusti Allah nggawé Yésus sakdurungé nggawé jagat sak isiné. Yéhuwah ngongkon Yésus mbantu nggawé jagat sak isiné. (Yo. 1:1-3, 18) Rasul Paulus kandha, ”Marga dumadiné samubarang kabèh iku déning Panjenengané, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadéné para pamaréntah lan para panguwasa; samubarang kabèh katitahaké déning Panjenengané lan lumadi marang Panjenengané.” (Kl. 1:15-17) Dadi, Yéhuwah ora mung mènèhi tugas penting kanggo Yésus, ning uga nyritakké kuwi karo wong liya. Kuwi kaurmatan gedhé.

3. Yéhuwah ngongkon Adam nindakké apa, lan apa sebabé?

3 Manungsa dijak Yéhuwah nyambut gawé bareng. Contoné, Adam dikon njenengi kéwan-kéwan. (Pd. 2:19, 20) Bayangna rasa senengé Adam wektu nindakké tugas kuwi. Dhèwèké sinau dhisik bentuk lan kelakuané kéwan kuwi, banjur milihké jeneng sing cocog. Yéhuwah sing nggawé kéwan, lan sakjané isa njenengi kéwan kuwi dhéwé. Ning, merga tresna, Yéhuwah mènèhi tugas Adam njenengi kéwan-kéwan mau. Yéhuwah uga mènèhi tugas nggawé bumi dadi pirdus. (Pd. 1:27, 28) Ning, Adam malah mandheg nyambut gawé bareng Yéhuwah. Hasilé, Adam sak keturunané sengsara.​—Pd. 3:17-19, 23.

4. Piyé carané wong-wong nyambut gawé bareng Yéhuwah bèn kersané kelakon?

4 Bar kuwi, Yéhuwah ngajak wong-wong liya nyambut gawé bareng. Nuh dikon nggawé bahtera, utawa prau sing gedhé, bèn slamet saka banjir gedhé. Musa mbébaské bangsa Israèl saka Mesir. Yusak mimpin bangsa Israèl menyang panggonan sing dijanjèkké. Suléman mbangun omahé Gusti Allah ing Yérusalèm. Maryam dadi ibuké Yésus. Kabèh wong kuwi lan liyané gelem nyambut gawé bareng Yéhuwah bèn kersané kelakon.

5. Awaké dhéwé mèlu nyambut gawé apa, lan apa Yéhuwah butuh bantuané awaké dhéwé? (Deloken gambar ing kaca 28.)

5 Saiki, Yéhuwah ngajak awaké dhéwé ndhukung Kratoné. Ana akèh cara sing isa ditindakké. Senajan cara nyambut gawéné ora padha, kabèh isa martakké kabar apik bab Kratoné. Sakjané, Yéhuwah isa nindakké gawéan iki dhéwé. Yéhuwah isa ngomong karo manungsa langsung saka swarga. Yésus tau kandha nèk Yéhuwah isa waé ngongkon watu ngomong bab Kratoné Gusti Allah. (Lk. 19:37-40) Yéhuwah nganggep awaké dhéwé kanca nyambut gawéné. (1 Kr. 3:9) Paulus uga nulis, ”Aku, sing nyambutgawé bebarengan karo Gusti Allah, aku nyuwun tenanan marang kowé kabèh: mbok kawelasané Gusti Allah marang kowé aja digawé muspra.” (2 Kr. 6:1, BJS) Kuwi kaurmatan gedhé. Ayo didelok alesané nyambut gawé bareng Allah isa marahi bungah.

MARAHI BUNGAH

6. Piyé perasaané Yésus wektu nyambut gawé bareng Yéhuwah?

6 Nyambut gawé bareng Yéhuwah marahi umaté bungah. Sakdurungé teka ing bumi, Yésus kandha, ”Ingsun wus katitahaké déning Pangéran Yéhuwah dadi wiwitaning pakaryané, minangka pandamelé kang kawitan ing jaman kuna . . . Ingsun dadi putra kekasihé kang nyarengi Panjenengané, sadina-dina Ingsun damel renaning panggalihé, tansah dolanan ana ing ngarsané.” (WB. 8:22, 30) Wektu nyambut gawé bareng Yéhuwah, Yésus seneng merga isa nindakké tugasé lan ngerti nèk ditresnani Yéhuwah. Nèk awaké dhéwé piyé?

Apa ana gawéan sing luwih nyenengké timbang mulang wong bab Alkitab? (Deloken paragraf 7)

7. Apa sebabé martakké kabar apik isa marahi bungah?

7 Yésus kandha nèk awaké dhéwé isa seneng, nèk gelem mènèhi lan nampa. (PR. 20:35) Wektu sinau Alkitab, awaké dhéwé bungah. Ning, wektu nyritakké isiné Alkitab marang wong liya, apa sebabé kuwi ya isa marahi bungah? Merga awaké dhéwé ndelok nèk wong-wong isa ngerti wulangané Alkitab, lan mulai nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Awaké dhéwé seneng ndelok wong-wong mau ngowahi uripé. Martakké kabar apik kuwi gawéan sing paling penting lan nyenengké. Kuwi isa ndadèkké wong dadi kancané Gusti Allah lan urip saklawasé.​—2 Kr. 5:20.

8. Apa kandhané wong-wong sing bungah merga nyambut gawé bareng Yéhuwah?

8 Wektu mbantu wong liya sinau bab Yéhuwah, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah seneng lan ngajèni upayané awaké dhéwé. Kuwi isa marahi bungah. (Wacanen 1 Korinta 15:58.) Marko saka Italia kandha, ”Aku bungah banget merga ngerti nèk isa mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah, lan ora kanggo manungsa sing gampang lali.” Franko sing nginjil ing Italia uga kandha, ”Liwat Alkitab lan pathokané, Yéhuwah ngélingké saben dina nèk nresnani awaké dhéwé, lan kabèh sing ditindakké nggo Yéhuwah kuwi penting, senajan awaké dhéwé krasa nèk upayané awaké dhéwé kétoké ora ana gunané. Kuwi sebabé nyambut gawé bareng Yéhuwah isa marahi bungah lan nggawé urip luwih ayem.”

SAYA CEDHAK KARO YÉHUWAH LAN WONG LIYA

9. Hubungané Yéhuwah lan Yésus piyé, lan apa sebabé isa ngono?

9 Wektu nyambut gawé karo sing ditresnani, awaké dhéwé isa saya cedhak karo dhèwèké, ta? Awaké dhéwé dadi luwih ngerti sipat-sipaté. Uga ngerti cita-citané lan piyé carané kuwi diupayakké. Yésus nyambut gawé bareng Yéhuwah, mbokmenawa wis milyaran taun. Katresnan siji lan sijiné dadi saya kuwat, lan ora ana sing isa misahké. Yésus kandha, ”Aku lan Sang Rama iku siji.” (Yo. 10:30) Yéhuwah lan Yésus bener-bener akrab, lan terus nyambut gawé bareng.

10. Apa sebabé nginjil isa mbantu saya cedhak karo Yéhuwah lan wong liya?

10 Yésus njaluk Yéhuwah njaga para muridé. Apa sebabé? Yésus ndonga, ”Supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdéné Paduka kaliyan Kawula.” (Yo. 17:11) Wektu manut pathokané Allah lan nginjil, awaké dhéwé isa luwih ngerti sipat-sipaté Yéhuwah sing luhur. Uga ngerti nèk percaya lan manut tuntunané, kuwi tumindak sing wicaksana. Nèk gelem nyedhaki Yéhuwah, Yéhuwah uga cedhak karo awaké dhéwé. (Wacanen Yakobus 4:8.) Awaké dhéwé cedhak karo para sedulur merga ngalami masalah, rasa bungah, lan cita-cita sing padha. Awaké dhéwé bungah, sabar, lan nyambut gawé bareng-bareng. Oktavia saka Inggris kandha, ”Nyambut gawé bareng Yéhuwah isa nggawé aku cedhak karo wong liya.” Dhèwèké crita nèk kanca-kancané nduwé ”cita-cita sing padha”. Mesthiné awaké dhéwé ya krasa ngono. Wektu weruh upayané para sedulur kanggo nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé isa saya cedhak karo para sedulur kuwi.

11. Apa sebabé awaké dhéwé bakal saya cedhak karo Yéhuwah lan para sedulur ing donya anyar?

11 Katresnané awaké dhéwé marang Yéhuwah lan para sedulur saiki wis kuwat, ning bakal luwih kuwat manèh ing donya anyar. Bayangna gawéan sing nyenengké ing donya anyar. Awaké dhéwé bakal ketemu lan mulang wong-wong sing diuripké manèh bab Yéhuwah. Uga, bakal nggawé bumi iki dadi pirdus. Bakal nyenengké banget isa nyambut gawé bareng lan saya suwé dadi sampurna ing pamréntahané Yésus. Kabèh manungsa bakal saya cedhak siji lan sijiné, lan cedhak karo Yéhuwah sing bakal nyukupi kabèh kebutuhané manungsa.​—Ms. 145:16.

NJAGA AWAKÉ DHÉWÉ

12. Kok isa gawéan nginjil njaga awaké dhéwé?

12 Awaké dhéwé kudu njaga hubungan karo Yéhuwah. Merga urip ing donya sing dikuwasani Iblis lan awaké dhéwé ora sampurna, gampang banget niru pikiran lan tumindaké wong ing donya iki. Kuwi kaya renang ing kali, sing miliné banyu béda karo sing dikarepké. Mula, kudu renang nggolèk dalan liya. Semono uga, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ora dipengaruhi donyané Iblis. Kok isa gawéan nginjil njaga awaké dhéwé? Wektu nyritakké bab Yéhuwah lan Alkitab, awaké dhéwé mikirké sing paling penting lan apik, ora sing marahi ilang imané. (Fp. 4:8) Nginjil isa nguwatké iman, merga ngélingké bab janji lan pathokané Yéhuwah. Kuwi uga isa mbantu njaga sipat-sipat sing dibutuhké, bèn ora kena pengaruhé Iblis.​—Wacanen Éfesus 6:14-17.

13. Piyé perasaané sedulur ing Australia bab nginjil?

13 Sregep nginjil, sinau, lan mbantu sedulur ing jemaat, isa njaga awaké dhéwé, merga ora ana wektu kanggo mikirké masalahé dhéwé. Joel saka Australia kandha, ”Martakké kabar apik mbantu aku ngadhepi kahanan sing saktenané. Kuwi ngélingké aku bab masalah sing lagi diadhepi manungsa lan paédahé nèk ngetrapké pathokané Alkitab ing urip saben dina. Gawéan nginjil mbantu aku tetep andhap asor, uga kesempatanku kanggo percaya marang Yéhuwah lan para sedulur.”

14. Apa sebabé sregep martakké Injil kuwi bukti nèk roh suciné Yéhuwah mbantu?

14 Nginjil uga mbantu awaké dhéwé luwih yakin nèk roh suci mbantu. Bayangna panjenengan kerja mbagi roti kanggo wong-wong. Panjenengan ora dibayar, malah kudu nanggung biayané. Ning, akèh wong ora péngin roti, lan wong sing arep dikèki malah sengit karo panjenengan. Nganti kapan panjenengan gelem kerja kaya ngono? Saya suwé panjenengan isa saya nglokro, lan malah mandheg kerja. Semono uga, awaké dhéwé terus nindakké gawéan nginjil saben taun, senajan ngentèkké wektu lan dhuwit, uga diécé lan dinesoni. Kuwi bukti nèk roh suci mbantu awaké dhéwé.

NDUDUHKÉ KATRESNAN MARANG YÉHUWAH LAN WONG LIYA

15. Kok isa gawéan nginjil ana hubungané karo tujuané Yéhuwah kanggo manungsa?

15 Kok isa gawéan nginjil ana hubungané karo tujuané Yéhuwah kanggo manungsa? Tujuané Yéhuwah yaiku bèn manungsa urip saklawasé, lan tujuané tetep padha senajan Adam dosa. (Yé. 55:11) Yéhuwah péngin manungsa bébas saka dosa lan pati. Piyé carané? Yésus teka ing bumi lan ngurbanké nyawané. Ning, bèn éntuk paédahé, manungsa kudu manut karo Yéhuwah. Dadi, Yésus mulang bab kersané Yéhuwah lan ngongkon para muridé nindakké sing padha. Wektu martakké Injil lan mbantu wong-wong dadi kancané Yéhuwah, awaké dhéwé nyambut gawé langsung bareng Gusti Allah kanggo nylametké manungsa saka dosa lan pati.

16. Kok isa martakké Injil ana hubungané karo préntahé Gusti Allah sing paling utama?

16 Wektu mbantu wong liya bèn isa urip saklawasé, awaké dhéwé nduduhké nèk tresna marang wong liya lan Yéhuwah. Yéhuwah ”ngarsakaké, supaya wong kabèh padha kapitulungan rahayu lan padha olèh pangawruhing kayektèn”. (1 Tm. 2:4) Ana wong Farisi takon karo Yésus bab préntah sing paling utama, Yésus kandha, ”Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé. Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.” (Mt. 22:37-39) Wektu martakké Injil, kuwi tegesé awaké dhéwé manut karo préntah kuwi.​—Wacanen Lelakoné Para Rasul 10:42.

17. Piyé perasaan panjenengan nèk éntuk kaurmatan martakké Injil?

17 Awaké dhéwé pancèn diberkahi. Yéhuwah wis ngekèki gawéan sing marahi bungah, sing nggawé luwih cedhak karo Yéhuwah lan para sedulur, lan sing isa njaga hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Kuwi kesempatan kanggo nduduhké tresna marang Yéhuwah lan wong liya. Yéhuwah nduwé abdi ing salumahing bumi sing kahanané béda-béda. Ora masalah enom-tuwa, mlarat-sugih, kuwat-rekasa, awaké dhéwé isa nginjil marang wong liya. Awaké dhéwé krasa kaya Syantèl saka Prancis, sing kandha, ”Gusti Allah sing Mahakwasa, sing nggawé jagat sak isiné, lan sing Mahamulya, ngomong karo aku, ’Ayo! Ngomonga! Ngomonga kanggo aku, omonga saka atimu. Tak wènèhi kekuwatanku, sabdaku, dhukunganku, kanca-kanca ing bumi, dhidhikan, lan tuntunan ing wektu sing cocog.’ Kaurmatan gedhé merga nindakké kersané Yéhuwah lan nyambut gawé bareng Yéhuwah.”