Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Roh Suci sing Ngandhani

Roh Suci sing Ngandhani

”Rohé Gusti Allah déwé sing ndunungké [ngandhani] marang awaké déwé, nèk awaké déwé iki anaké Gusti Allah tenan.”​—RM. 8:16, Basa Jawa Suriname (BJS).

LAGU: 5, 14

1-3. Apa sebabé dina Péntakosta kuwi istiméwa, lan piyé kedadéan kuwi bukti nèk ramalané Alkitab kelakon? (Deloken gambar ndhuwur.)

WEKTU kuwi dina Minggu ésuk pas Péntakosta ing Yérusalèm taun 33 M. Kuwi dina sing istiméwa lan nyenengké. Wong-wong ngrayakké Péntakosta, perayaan suci mulai panèn gandum. Ésuk kuwi ing omahé Gusti Allah, Imam Agung nyedhiyakké kurban. Bar kuwi, kira-kira jam sanga, Imam Agung nyedhiyakké roti loro saka gandum utawa woh sing pisanan dipanèn. Roti kuwi dicekel lan digoyang-goyangké sakdurungé diwènèhké dadi kurban kanggo Yéhuwah.​—Km. 23:15-20.

2 Saben taun, para imam mesthi nggawé roti gandum kanggo kurban. Kurban mau ana hubungané karo kedadéan penting ing dina Péntakosta taun 33 M. Kuwi dialami 120 muridé Yésus sing lagi ndonga ing kamar ndhuwur ing Yérusalèm. (PR. 1:13-15) Nabi Yoèl wis ngramalké bab kuwi, 800 taun sakdurungé. (Yl. 2:28-32; PR. 2:16-21) Ana kedadéan penting apa?

3 Wacanen Lelakoné Para Rasul 2:2-4. Ing dina Péntakosta 33 M, Gusti Allah ngekèki para muridé Yésus roh suci, kanggo tandha nèk dipilih munggah swarga. (PR. 1:8) Wong-wong padha ngrubung, lan para murid mulai crita bab sing dialami. Rasul Pétrus nerangké ana kedadéan apa lan apa sebabé kuwi penting. Dhèwèké banjur kandha, ”Kowé kabèh kudu ninggal urip sing ala . . . kudu njaluk dibaptis nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus, supaya kowé bisa nampa pangapura sangka dosamu lan kowé mesti bakal nampa pawèhé Gusti Allah, yakuwi Roh Sutyi.” Dina kuwi, kira-kira wong 3.000 dibaptis lan nampa roh suci.​—PR. 2:37, 38, 41, BJS.

4. (a) Apa sebabé perlu nggatèkké kedadéan ing dina Péntakosta? (b) Ana kedadéan penting apa ing dina sing padha, pirang-pirang taun sakdurungé? (Deloken katrangan ing kaca 21.)

4 Apa sing digambarké Imam Agung lan kurban ing dina Péntakosta? Imam Agung nggambarké Yésus. Roti nggambarké para muridé Yésus sing dipilih munggah swarga. Para muridé dipilih saka manungsa sing dosa lan dadi ”putra pambarep”. (Yb. 1:18) Gusti Allah nampa lan milih wong-wong kuwi dadi raja bareng Yésus ing swarga, lan dadi bagéané Kratoné Swarga. (1 Pt. 2:9) Yéhuwah bakal nggunakké Kraton iki kanggo mberkahi wong-wong sing manut. Ora masalah bakal urip ing swarga utawa ing bumi Pirdus, Péntakosta taun 33 M penting kanggo awaké dhéwé. [1]—Deloken katrangan ing kaca 21.

APA SING DIALAMI WONG SING DIPILIH MUNGGAH SWARGA?

5. Apa buktiné nèk carané wong-wong dipilih ora padha?

5 Para murid ing kamar ndhuwur, ora bakal lali dina kuwi. Ana kaya geni ing sirahé saben wong ing kono. Yéhuwah ngekèki berkah wong-wong sing dipilih mau, bèn isa ngomong nganggo basa liya. Para murid ora gojag-gajeg nèk dhèwèké dipilih nganggo roh suci. (PR. 2:6-12) Kedadéan kaya mau ora mesthi dialami kabèh sing dipilih. Contoné, Alkitab ora kandha ana kaya geni ing sirahé para wong ing Yérusalèm sing dipilih sakwisé kuwi. Wong-wong kuwi dipilih wektu dibaptis. (PR. 2:38) Semono uga, ora kabèh dipilih wektu dibaptis. Wong-wong Samaria dipilih sakwisé dibaptis. (PR. 8:14-17) Malah, Kornélius lan keluargané dipilih sakdurungé dibaptis.​—PR. 10:44-48.

6. Kabèh sing wis dipilih nampa apa, lan piyé pengaruhé kanggo wong-wong kuwi?

6 Pancèn, wong Kristen ngerti nèk carané dipilih ora padha. Ana sing ngerti pas dhèwèké dipilih Yéhuwah. Ana sing ngerti bar kuwi. Ning, rasul Paulus nerangké sing dialami salah sijiné. Paulus kandha, ”Kowé padha precaya . . . Roh Suci kuwi diparingaké minangka jaminan yèn kita bakal nampani apa sing diprasetyakaké.” (Éf. 1:13, 14, Basa Jawi Padintenan) Dadi, Yéhuwah nggunakké roh suciné dinggo nduduhké nèk wong-wong kuwi wis dipilih urip ing swarga. Tegesé, roh suci dadi ”jaminan” utawa bukti nèk wong-wong kuwi mbésuké urip ing swarga, ora ing bumi.​—Wacanen 2 Korinta 1:21, 22; 5:5.

7. Apa sing kudu ditindakké wong Kristen sing dipilih, bèn munggah swarga?

7 Wektu wong Kristen dipilih, apa kuwi tegesé dhèwèké dipilih kanggo sakterusé? Ora. Dhèwèké percaya nèk dipilih dadi raja ing swarga. Ning, kuwi bakal kelakon nèk dhèwèké terus setya ngabdi marang Yéhuwah. Pétrus kandha, ”Mulané para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku. Jalaran manawa nglakoni mangkono, kowé bakal padha ora tau kasandhung. Kalawan mangkono iku, kowé bakal kaparingan wewenang sakatogé lumebu ing Kraton kang langgeng, yaiku Kratoné Gusti lan Pamarta kita Gusti Yésus Kristus.” (2 Pt. 1:10, 11) Mula, sing wis dipilih aja nganti mandheg ngabdi marang Yéhuwah. Senajan wis dipilih, dhèwèké bakal dadi raja nèk terus setya.​—Ib. 3:1; Wy. 2:10.

KOK ISA NGERTI NÈK DIPILIH?

8, 9. (a) Apa sebabé akèh wong ora isa mbayangké sing dialami wong sing dipilih? (b) Wong kuwi ngerti saka endi nèk dipilih urip ing swarga?

8 Ing antarané umaté Allah, ana sing ora isa ngerti sing dialami wong sing dipilih. Kuwi lumrah, merga wong kuwi ora dipilih. Yéhuwah nggawé bèn manungsa urip saklawasé ing bumi, ora ing swarga. (Pd. 1:28; Ms. 37:29) Ning, Yéhuwah milih ana wong sing didadèkké raja lan imam ing swarga. Mula, wektu Yéhuwah milih, pengarep-arep lan carané mikir wis béda, wong kuwi dadi péngin urip ing swarga.​—Wacanen Éfesus 1:18.

9 Ning, wong kuwi kok isa ngerti nèk dhèwèké dipilih urip ing swarga? Gatèkna kandhané Paulus marang wong-wong mau, ”Apa Rohé Gusti Allah iki marakké kowé wedi? Ora! Roh iki manggon ing atiné awaké déwé malah supaya awaké déwé ora nduwé wedi nyeluk Gusti Allah: ’Bapak, Bapakku!’ Rohé Gusti Allah déwé sing ndunungké [ngandhani] marang awaké déwé, nèk awaké déwé iki anaké Gusti Allah tenan.” (Rm. 1:7; 8:15, 16, BJS.) Dadi, Yéhuwah nggunakké roh suci kanggo ngandhani wong-wong sing dipilih, nèk dhèwèké diundang dadi raja bareng Yésus ing swarga.​—1 Ts. 2:12.

10. Apa maksudé 1 Yokanan 2:27 wektu kandha nèk wong sing dipilih ora butuh dikandhani liyané?

10 Wong-wong sing dipilih ora butuh dikandhani wong liya nèk dhèwèké wis dipilih. Yéhuwah dhéwé sing ngandhani. Rasul Yokanan ngandhani wong-wong mau, ”Balik kowé iku wus padha kajebadan déning Kang Suci, marga saka mangkono kowé padha nyumurupi samubarang.” Dhèwèké uga kandha, ”Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengané iku tetep ana ing kowé. Marga saka iku kowé ora prelu diwulang déning wong liya. Nanging kayadéné bab anggoné njebadi iku mulang marang kowé bab samubarang – lan piwulangé iku nyata, ora goroh – lan kayadéné anggoné Panjenengané biyèn wus mulang marang kowé, mangkono uga kowé padha tetepa ana ing Panjenengané.” (1 Yo. 2:20, 27) Wong Kristen sing dipilih butuh diwulang Yéhuwah, kaya liyané. Ning, wong kuwi ora butuh dikandhani wong liya nèk dhèwèké dipilih. Yéhuwah isa nggunakké roh suciné kanggo ngandhani.

”KALAIRAKÉ MANÈH”

11, 12. Apa sing mbokmenawa dipikirké wong Kristen sing dipilih, lan dhèwèké yakin bab apa?

11 Wektu dipilih nganggo roh suci, wong kuwi dadi béda. Yésus kandha nèk wong kuwi ”kalairaké manèh”. (Yo. 3:3, 5) Yésus banjur kandha, ”Aja gumun, déné Aku pitutur ing kowé: Kowé kudu padha kalairaké manèh. Menyang ngendi mididé angin iku miturut ing sakarepé, lan kowé krungu sumiyuté, nanging ora sumurup pinangkané lan parané. Kaya mangkono iku kaanané saben wong kang kalairaké saka ing Roh!” (Yo. 3:7, 8) Dadi, ora mungkin isa nerangké marang wong sing ora dipilih, persisé sing dirasakké wong sing dipilih. [2]—Deloken katrangan ing kaca 21.

12 Wong sing dipilih mbokmenawa mikir, ’Apa sebabé Yéhuwah milih aku, kok ora wong liya?’ Mbokmenawa, dhèwèké mikir ora cocog nindakké tanggung jawab kuwi. Ning, dhèwèké yakin nèk wis dipilih Yéhuwah. Dhèwèké uga krasa seneng banget lan matur nuwun merga kesempatan kuwi. Dhèwèké krasa padha karo sing dirasakké Pétrus, ”Pinujia Gusti Allah iya Ramané Gusti kita Yésus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmané wis nglairaké kita manèh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wunguné Gusti Yésus Kristus saka ing antarané wong mati, supaya kita padha tampa warisan kang ora bisa rusak, ora cacad sarta ora bisa alum, kang kasimpen ana ing swarga tumrap kowé kabèh.” (1 Pt. 1:3, 4) Wektu maca ayat mau, wong sing dipilih ngerti nèk Bapaké lagi ngomong karo dhèwèké.

13. Piyé wong sing wis dipilih isa nduwé pikiran sing béda, lan apa sebabé?

13 Sakdurungé dipilih Yéhuwah, mbokmenawa wong kuwi mbiyèn péngin urip saklawasé ing bumi. Dhèwèké ngarep-arep donya iki dadi pirdus, lan sing jahat disingkirké. Mbokmenawa uga, mbayangké isa ketemu manèh karo keluargané utawa kancané sing wis mati. Uga, mbayangké nèk mbangun omah lan manggon ing kono, utawa nandur wit lan mangan wohé. (Yé. 65:21-23) Apa sebabé saiki dhèwèké ora mikir kaya ngono manèh? Apa merga strès utawa susah? Apa dhèwèké nganggep urip saklawasé ing bumi kuwi mboseni lan uripé bakal ora seneng? Utawa, apa merga dhèwèké wis mbayangké rasané urip ing swarga? Ora. Yéhuwah sing nemtokké pengarep-arepé. Wektu milih, Yéhuwah nggunakké roh suci bèn wong kuwi ngarep-arep urip ing swarga.

14. Piyé perasaané wong sing dipilih bab urip ing bumi?

14 Apa wong sing dipilih kuwi péngin mati? Paulus nggambarké perasaané wong kuwi. Dhèwèké mbandingké awaké wong kuwi karo ”tarub” utawa téndha, lan kandha, ”Sabab salawasé isih manggon ing tarub iki, kita nggresah lan kabotan, awit kita kapéngin nganggo sandhangan kang anyar iku, ora nganggo cucul sandhangan kang lawas, supaya kang kena ing pati kauntala déning urip.” (2 Kr. 5:4) Wong kuwi ora péngin mati. Dhèwèké seneng urip, lan saben dina péngin ngabdi marang Yéhuwah bareng keluarga lan kancané. Ora masalah apa sing lagi ditindakké, wong kuwi kèlingan janjiné Yéhuwah bab urip ing swarga.​—1 Kr. 15:53; 2 Pt. 1:4; 1 Yo 3:2, 3; Wy. 20:6.

APA KOWÉ DIPILIH YÉHUWAH?

15. Apa sing ora mbuktèkké nèk wong kuwi dipilih munggah swarga?

15 Mbokmenawa kowé mikir-mikir apa pancèn dipilih Yéhuwah bèn urip ing swarga. Nèk kowé krasa ngono, pitakonan-pitakonan iki isa dipikirké: ’Apa aku semangat nginjil? Apa aku seneng sinau Alkitab lan sinau ”bab wewadiné Gusti Allah”? (1 Kr. 2:10) Apa aku krasa nèk Yéhuwah ngekèki hasil-hasil sing nggumunké wektu nginjil? Apa aku péngin nindakké tugas liya saka Yéhuwah? Apa aku nduwé tresna lan tanggung jawab gedhé mbantu liyané kanggo ngabdi marang Yéhuwah? Apa aku ngrasakké Yéhuwah mbantu ing urip saben dina?’ Nèk kabèh kuwi jawabané ya, apa tegesé kowé dipilih urip ing swarga? Ora. Apa sebabé? Merga kabèh umaté Yéhuwah krasa kaya ngono, senajan dhèwèké dipilih munggah swarga apa ora. Yéhuwah ngekèki roh suci kanggo para abdiné ora masalah bakal urip ing endi. Nèk gojag-gajeg dipilih munggah swarga apa ora, kuwi tandhané kowé ora dipilih. Wong sing dipilih ora bakal gojag-gajeg, merga wis ngerti.

16. Piyé awaké dhéwé isa ngerti nèk ora kabèh sing nampa roh suci bakal dipilih urip ing swarga?

16 Ing Alkitab, ana conto saka para abdiné Yéhuwah sing setya sing nampa roh suci, ning ora munggah swarga. Contoné, Yokanan Pambaptis. Yésus kandha nèk ora ana wong sing ngluwihi Yokanan, ning Yokanan ora mèlu mréntah ing swarga. (Mt. 11:10, 11) Dawud uga dituntun roh suci. (1 Sa. 16:13) Roh suci mbantu Dawud ngerti akèh bab Yéhuwah lan nuntun dhèwèké nulis Alkitab. (Mk. 12:36) Ning, rasul Pétrus kandha nèk Dawud ora ”minggah dhateng swarga”. (PR. 2:34) Yéhuwah mènèhi roh suciné marang wong-wong mau kanggo nindakké gawéan sing nggumunké, ora kanggo milih wong-wong kuwi bèn urip ing swarga. Apa tegesé wong-wong kuwi ora setya utawa ora cocog mréntah ing swarga? Ora. Yéhuwah bakal nguripké manèh wong-wong kuwi bèn urip ing bumi Pirdus.​—Yo. 5:28, 29; PR. 24:15.

17, 18. (a) Akèh-akèhé abdiné Yéhuwah nduwé pengarep-arep apa? (b) Pitakonan-pitakonan apa sing arep dirembug minggu ngarep?

17 Akèh abdiné Yéhuwah saiki ora munggah swarga. Abraham, Dawud, Yokanan Pambaptis, lan para abdiné Allah lanang lan wédok ing jaman mbiyèn, bakal manggon ing bumi wektu Kratoné Allah mréntah. (Ib. 11:10) Bakal ana 144.000 sing mréntah bareng Yésus ing swarga. Ning, Alkitab kandha nèk isih ana sebagéan wong sing dipilih, isih urip ing bumi ing pungkasané jaman. (Wy. 12:17) Dadi, akèh saka 144.000 wis mati lan urip ing swarga.

18 Ning, nèk ana sing ngaku dhèwèké dadi wong sing dipilih, piyé tanggepané wong-wong sing bakal urip ing bumi? Nèk ana sedulur ing jemaat sing mulai mangan lan ngombé anggur pas dina Pèngetan, piyé kuduné tanggepanmu? Lan piyé nèk jumlahé wong-wong sing dipilih dadi saya akèh? Apa kuwi dadi masalah? Pitakonan-pitakonan iki bakal dijawab minggu ngarep.

^ [1] (paragraf 4) Dina kanggo ngrayakké Péntakosta, mbokmenawa padha karo dina wektu sepuluh préntah dikèkké Musa ing gunung Sinai. (Pa. 19:1) Mula, mbokmenawa dinané Musa nggawé prajanjian hukum karo bangsa Israèl, padha karo dinané Yésus nggawé prajanjian anyar karo wong-wong sing dipilih munggah swarga.

^ [2] (paragraf 11) Deloken katrangan tegesé dilairaké manèh, ing Menara Pengawal 1 April 2009, kaca 3-11.