”Kratonku Dudu Bagéan saka Donya Iki”
’Aku kudu mènèhi kesaksian bab apa sing bener, merga kanggo kuwi aku teka ing donya.’—YOH. 18:37.
1, 2. (a) Apa buktiné nèk kahanan ing donya saiki dadi saya ora rukun? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?
ANA sedulur wédok saka Eropa sing kandha, ”Wiwit cilik, aku kerep ndelok tumindak ora adil. Mula, aku nolak sistem politik ing negaraku lan mèlu démo-démo sing nentang pamréntah. Malah, nganti pirang-pirang taun aku pacaran karo teroris.” Ana sedulur lanang ing Afrika sing nyritakké, ”Aku nganggep nèk sukuku sing paling unggul lan aku mèlu partai politik. Aku lan kanca-kancaku diajari kanggo matèni mungsuh nganggo tombak. Senajan sak suku, ning nèk ndhukung partai liyané, kuwi dianggep mungsuh.” Sedulur wédok liyané ing Eropa kandha, ”Aku mbiyèn nduwé prasangka lan sengit karo wong-wong sing kebangsaané utawa agamané béda karo aku.”
2 Akèh wong saiki nduwé sikap sing kaya ngono. Akèh kelompok politik sing tumindak kasar bèn éntuk kebébasan. Wis biasa nèk masalah politik kuwi mesthi marahi ribut. Ing akèh negara, wong-wong asing biasané dijahati. Kaya sing dinubuatké Alkitab, wong-wong ing dina-dina pungkasan padha ”ora gelem sepakat karo 2 Tim. 3:1, 3) Ing kahanan sing kaya ngono, piyé carané bèn wong-wong Kristen isa tetep rukun? Kita isa sinau saka contoné Yésus. Wong-wong ing jamané Yésus uga ora rukun merga masalah politik. Ing artikel iki kita bakal ngrembug: Apa sebabé Yésus ora mèlu-mèlu urusan politik? Piyé Yésus nduduhké nèk umaté Yéhuwah kudu tetep nétral ing bab politik? Piyé carané Yésus mulang kita bèn ora tumindak kasar?
wong liya”. (TANGGEPANÉ YÉSUS MARANG WONG-WONG SING PÉNGIN BÉBAS
3, 4. (a) Apa sing dipéngini wong-wong Yahudi ing jamané Yésus? (b) Apa pengaruhé kanggo murid-muridé Yésus?
3 Akèh wong Yahudi ing jamané Yésus péngin bébas saka bangsa Romawi. Pandhangan kuwi utamané digembar-gemborké karo wong-wong Yahudi Zealot, yaiku kelompok politik sing fanatik. Akèh wong Zealot sing mèlu-mèlu Yudas wong Galiléa. Yudas kuwi mèsias palsu sing nyesatké akèh wong. Ahli sejarah Yahudi Yosefus kandha nèk Yudas ngongkon wong-wong Yahudi nglawan Roma. Terus, wong-wong sing mbayar pajeg marang Roma diarani ”wong jirih”. Ning, akhiré wong-wong Roma ngukum mati Yudas. (Kis. 5:37) Akèh wong Zealot sing tumindak kasar bèn tujuané isa kelakon.
4 Akèh wong Yahudi sing nunggu-nunggu Mèsias teka. Wong-wong kuwi mikir nèk Mèsias bakal mbébaské wong Yahudi saka Romawi lan arep mulihké kerajaan Israèl manèh. (Luk. 2:38; 3:15) Akèh wong mikir nèk Mèsias bakal ngedegké kerajaan ing Israèl, dadi kabèh wong Yahudi sing wektu kuwi wis nyebar ing ngendi-endi isa diklumpukké manèh. Yohanes Pembaptis waé tau takon karo Yésus, ”Apa panjenengan kuwi wong sing bakal teka, utawa aku kudu nunggu wong liyané?” (Mat. 11:2, 3) Mungkin Yohanes péngin ngerti apa ana wong liya sing isa mbébaské wong-wong Yahudi. Banjur, sakwisé Yésus diuripké manèh, Yésus ketemu karo loro muridé ing dalan menyang Émaus. Murid-murid kuwi sakjané péngin banget supaya Yésus mbébaské Israèl. (Wacanen Lukas 24:21.) Bar kuwi, para rasul takon marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan arep nggawé kerajaan Israèl pulih manèh ing jaman iki?”—Kis. 1:6.
5. (a) Apa sebabé wong-wong Galiléa péngin Yésus dadi rajané? (b) Piyé Yésus mbenerké pandhangané wong-wong kuwi?
5 Wong-wong Yahudi kepéngin Mèsias isa ngrampungké masalahé. Mungkin kuwi sebabé wong-wong Galiléa péngin Yésus dadi rajané. Wong-wong kuwi nganggep nèk Yésus bakal dadi pemimpin sing paling apik. Yésus kuwi pinter ngomong, isa nambani wong lara, lan uga isa nyedhiyakké panganan kanggo sing luwé. Wong-wong padha nggumun sakwisé Yésus nyedhiyakké panganan kanggo kira-kira 5.000 wong. Alkitab kandha nèk Yésus ngerti apa karepé wong-wong kuwi, dadi ”Yésus lunga manèh menyang gunung dhèwèkan”. (Yoh. 6:10-15) Sésuké, sakwisé wong-wong kuwi mulai tenang, Yésus nerangké nèk dhèwèké teka ora kanggo nyedhiyakké kebutuhan jasmani, nanging kanggo mulang bab Kratoné Allah. Yésus kandha, ”Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok. Nanging nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan ngasilké urip langgeng.”—Yoh. 6:25-27.
6. Piyé Yésus njelaské nèk dhèwèké ora gelem mèlu-mèlu urusan politik ing bumi? (Deloken gambar ing kaca 3.)
6 Ora suwé sakdurungé Yésus mati, ana murid-muridé sing nganggep nèk Yésus bakal dadi raja ing Yérusalèm. Kanggo mbantu murid-muridé ngerti nèk kuwi ora bakal kelakon, Yésus nyritakké perumpamaan bab dhuwit mina. Perumpamaan kuwi nyritakké nèk Yésus kuwi kaya ”bangsawan” sing bakal lunga adoh. (Luk. 19:11-13, 15) Yésus uga crita marang Pontius Pilatus nèk dhèwèké ora mèlu-mèlu urusan politik. Pilatus takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” (Yoh. 18:33) Mungkin Pilatus kuwatir nèk Yésus bakal ngojok-ojoki wong-wong kanggo nglawan Romawi. Nanging Yésus njawab, ”Kratonku dudu bagéan saka donya iki.” (Yoh. 18:36) Kratoné Yésus kuwi bakal ana ing swarga, mula Yésus ora mèlu-mèlu urusan politik. Yésus kandha nèk gawéané ing bumi kuwi ”mènèhi kesaksian bab apa sing bener”.—Wacanen Yohanes 18:37.
7. Apa sebabé tetep nétral kuwi ora gampang?
7 Yésus ngerti apa tujuané teka ing bumi. Semono uga, kita uga ngerti apa tugas kita, dadi kita ora mèlu-mèlu ndhukung politik senajan mung ing njero ati. Kuwi ora mesthi gampang. Salah siji pinituwa wilayah kandha nèk wong-wong ing dhaérahé mbanggak-banggakké bangsané lan percaya nèk wong-wong isa urip luwih kepénak nèk dipimpin wongé dhéwé. Dhèwèké
kandha, ”Untungé, para sedulur tetep fokus martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Para sedulur percaya nèk mung Gusti Allah sing isa ngrampungi kabèh masalah lan tumindak ora adil. Kuwi isa njaga para sedulur bèn tetep rukun.”YÉSUS TETEP NÉTRAL ING BAB POLITIK
8. Tumindak ora adil apa sing dialami karo wong-wong Yahudi ing jamané Yésus?
8 Wong-wong biasané mèlu-mèlu politik merga ndelok tumindak ora adil ing sakiwa-tengené. Ing jamané Yésus, mbayar pajeg kuwi dadi masalah. Yudas wong Galiléa mbrontak merga wong-wong Yahudi padha didaftar supaya mbayar pajeg marang Roma. Lan pajegé kuwi akèh banget, ana pajeg kanggo bandha, tanah, lan omah. Sing luwih parah manèh, para petugas pajegé ya korupsi. Para petugas kuwi kadhang kala mbayar pamréntah bèn isa éntuk jabatan lan nggunakké jabatan kuwi bèn isa éntuk dhuwit luwih akèh. Zakhéus, kepala petugas pajeg ing Yérikho, dadi sugih merga ngapusi wong-wong bèn mbayar pajeg sing akèh.—Luk. 19:2, 8.
9, 10. (a) Apa sing ditindakké para mungsuhé Yésus kanggo njebak Yésus? (b) Apa sing isa disinaoni saka jawabané Yésus? (Deloken gambar ing kaca 3.)
9 Para mungsuhé Yésus péngin njebak Yésus nganggo masalah pajeg. Wong-wong kuwi takon marang Yésus bab ”mbayar pajeg”, yaiku pajeg sak dinar sing kudu dibayar wong-wong Yahudi. (Wacanen Matius 22:16-18.) Wong-wong Yahudi sengit banget karo pengaturan pajeg kuwi merga ngélingké wong-wong karo pamréntahan Roma sing nguwasani Yahudi. Nèk Yésus njawab ora perlu mbayar pajeg, para ”pengikuté partai Hérodès” isa nudhuh Yésus nglawan Roma. Ning, nèk Yésus njawab kudu mbayar pajeg, wong-wong Yahudi mungkin wegah dadi muridé manèh. Mula, apa sing ditindakké Yésus?
10 Jawabané Yésus nduduhké nèk dhèwèké tetep nétral. Yésus kandha, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” (Mat. 22:21) Senajan Yésus ngerti nèk akèh petugas pajeg sing korupsi, ning kuwi ora dipikirké karo Yésus. Sing luwih dipikirké Yésus yaiku Kratoné Allah, sing isa ngrampungké kabèh masalah. Kita kudu niru Yésus sing tetep nétral. Aja nganti mèlu-mèlu ngomentari bab politik, senajan kétoké sing siji apik lan adil, terus sing liyané ora. Wong-wong Kristen luwih mikirké Kratoné Allah lan apa sing bener nurut Gusti Allah.—Mat. 6:33.
11. Piyé carané mbantu wong liya nyingkirké prasangka?
11 Akèh Seksi Yéhuwah sing isa nyingkirké pandhangané bab politik. Contoné, sakdurungé sinau Alkitab, ana sedulur wédok ing Inggris sing kuliah jurusan sosiologi lan nduwé pandhangan sing kuwat bab politik. Dhèwèké kandha, ”Aku péngin mbéla haké wong kulit ireng merga wis ngalami akèh tumindak sing ora adil. Nèk ana béda pendapat bab tumindak ora adil sing dialami karo wong-wong kulit ireng, aku mesthi menang debat. Ning, aku tetep waé ngrasa ora puas. Sakjané, nèk péngin nyingkirké
prasangka ras, sing kudu diowahi kuwi cara mikiré wong-wong. Aku mulai sinau Alkitab karo sedulur wédok sing kulité putih. Sedulur kuwi mbantu aku sadhar nèk aku kudu ngowahi cara mikirku dhisik. Saiki aku dadi perintis biasa ing jemaat basa isyarat lan ngupaya kanggo martakké Injil marang sapa waé.””LEBOKNA PEDHANGMU ING WADHAHÉ”
12. Apa sing dimaksud ”ragi” sing kudu ditolak karo murid-muridé Yésus?
12 Ing jamané Yésus, para pemimpin agama ndhukung politik. Contoné, buku Daily Life in Palestine at the Time of Christ kandha nèk wong-wong Yahudi dibagi dadi kelompok-kelompok agama sing mèh padha karo partai-partai politik. Dadi Yésus ngandhani murid-muridé, ”Padha diawas. Waspadaa marang raginé wong-wong Farisi lan raginé Hérodès.” (Mrk. 8:15) Wektu Yésus nyebutké Hérodès, kuwi mungkin maksudé pengikuté partai Hérodès. Kelompok liyané, yaiku wong-wong Farisi, péngin wong-wong Yahudi isa bébas saka pamréntahan Romawi. Nurut Injil Matius, Yésus uga ngandhani murid-muridé kanggo nolak wong-wong Saduki, sing péngin Roma terus dadi panguwasa ing kono merga wong-wong kuwi isa éntuk jabatan sing dhuwur. Yésus ngandhani murid-muridé kanggo nolak ”ragi”, utawa ajarané telung kelompok mau. (Mat. 16:6, 12) Yésus mènèhi peringatan kuwi ora suwé sakwisé wong-wong péngin ndadèkké Yésus dadi raja.
Yésus ngajari murid-muridé bèn tetep nétral
13, 14. (a) Apa buktiné nèk masalah agama lan politik isa marahi tumindak kasar lan ora adil? (b) Apa sebabé kita ora éntuk tumindak kasar senajan ngalami tumindak ora adil? (Deloken gambar ing kaca 3.)
13 Nèk agama mèlu-mèlu urusan politik, kuwi isa marahi tumindak kasar. Yésus ngajari murid-muridé bèn tetep nétral. Nèk tetep nétral, wong-wong mesthi ora gelem dadi pengikuté wong Farisi lan para imam kepala manèh. Mula, merga wedi kélangan kekuwasaan, para imam kepala lan wong Farisi péngin matèni Yésus. Wong-wong kuwi kandha, ”Nèk dhèwèké dijarké terus, kabèh wong bakal nduwé iman marang dhèwèké, lan wong-wong Romawi bakal teka lan ngrebut bait uga bangsa kita.” (Yoh. 11:48) Dadi, Imam Agung Kayafas nggawé rencana kanggo matèni Yésus.—Yoh. 11:49-53; 18:14.
14 Kayafas nunggu nganti bengi banjur ngirim prajurit-prajurit kanggo nangkep Yésus. Ning, Yésus ngerti rencana kuwi. Dadi, wektu mangan bareng para muridé bengi kuwi, Yésus ngongkon murid-muridé nggawa pedhang. Yésus péngin mulangké bab sing penting kanggo murid-muridé. Dadi murid-muridé nggawa pedhang loro. (Luk. 22:36-38) Bengi kuwi, ana gerombolan wong sing teka kanggo nangkep Yésus. Pétrus nesu banget, banjur njupuk pedhangé lan nyerang salah siji wong ing gerombolan kuwi. (Yoh. 18:10) Nanging Yésus kandha marang Pétrus, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé, merga kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang.” (Mat. 26:52, 53) Apa sing isa disinaoni saka piwulangé Yésus? Para muridé kuduné ora dadi bagéan saka donya iki. Kuwi sing didongakké Yésus sakdurungé. (Wacanen Yohanes 17:16.) Mung Gusti Allah sing nduwé hak kanggo nglawan tumindak ora adil.
15, 16. (a) Apa buktiné nèk Alkitab isa mbantu wong-wong Kristen dadi rukun? (b) Apa bédané wong-wong ing donya iki karo umaté Yéhuwah?
15 Sedulur wédok ing Eropa sing dicritakké ing paragraf siji kandha, ”Tumindak kasar ora bakal isa ngowahi kahanan ing donya. Wong-wong sing tumindak kasar biasané malah mati, lan ana uga sing dadi lara ati. Aku seneng banget isa sinau saka Alkitab nèk mung Gusti Allah sing isa nggawé kahanan dadi adil. Wis 25 taun iki aku martakké kabar apik bab kuwi.” Sedulur lanang ing Afrika sing dicritakké mau, saiki wis ora nganggo tombak, ning nggunakké ”pedhang roh”, yaiku Kitab Suci. (Éf. 6:17) Saiki sedulur kuwi martakké kabar apik kanggo kabèh wong senajan béda suku karo dhèwèké. Lan sedulur wédok sing sijiné sing saka Eropa saiki wis dadi Seksi Yéhuwah lan nikah karo sedulur saka suku sing mbiyèn disengiti. Para sedulur kuwi isa malih merga péngin niru Yésus.
16 Kita kudu ngowahi pikiran kita. Alkitab kandha nèk kahanan ing donya iki kaya laut sing terus ngombak-ombak lan ora tau meneng. (Yé. 17:12; 57:20, 21; Why. 13:1) Masalah politik nggawé wong-wong nesu, ora rukun, lan nyebabké kekerasan. Ning, umaté Gusti Allah isa rukun lan urip ayem tentrem. Kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng banget.—Wacanen Zéfanya 3:17.
17. (a) Telung cara apa waé sing isa nggawé kita rukun? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?
17 Ing artikel iki, kita wis sinau telung cara bèn isa rukun: (1) Percaya nèk Kratoné Allah bakal ngrampungi kabèh masalah, (2) ora mèlu-mèlu urusan politik, lan (3) ora mèlu-mèlu tumindak kasar. Ning, ana manèh sing isa nggawé ora rukun, yaiku prasangka. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal sinau carané ngatasi prasangka kayadéné wong-wong Kristen abad kapisan.