ARTIKEL PELAJARAN 25
Aja Nglarani Atiné ”Wong sing Kaya Bocah Cilik Iki”
”Aja nganti kowé ngrèmèhké wong sing kaya bocah cilik iki.”—MAT. 18:10.
LAGU 113 Katentreman Sejati
ISINÉ ARTIKEL IKI *
1. Apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo njenengan?
YÉHUWAH wis narik njenengan bèn cedhak karo Dhèwèké. (Yoh. 6:44) Kenapa Yéhuwah gelem narik njenengan? Wektu nggatèkké milyaran wong sing ana ing donya iki, Yéhuwah ndelok nèk njenengan kuwi tulus lan bakal sayang karo Dhèwèké. Merga ngerti nèk njenengan wong sing kaya ngono, Yéhuwah nganggep njenengan berharga. (1 Bb. 28:9) Yéhuwah gelem narik njenengan merga Yéhuwah kenal tenan lan sayang karo njenengan. Njenengan mesthi seneng wektu mikirké soal kuwi.
2. Bèn isa ngerti sepira perduliné Yéhuwah karo awaké dhéwé, Yésus nggambarké Yéhuwah kaya apa? Jelasna.
2 Yéhuwah bener-bener perduli karo kabèh umaté. Bèn isa ngerti sepira perduliné Yéhuwah karo awaké dhéwé, Yésus nggambarké Yéhuwah kaya gembala. Gembala sing nduwé domba 100 bakal piyé nèk ana 1 dombané sing kesasar? Gembala kuwi ”bakal ninggalké sing 99 ing gunung, terus nggolèki domba sing kesasar kuwi”. Terus sakwisé ketemu, gembala kuwi mesthi seneng banget lan ora bakal nesu karo domba kuwi. Dadi, apa pelajarané? Kabèh dombané Yéhuwah kuwi berharga kanggo Yéhuwah. Yésus kandha, ”Bapakku ing swarga ora péngin siji-sijia ing antarané wong sing kaya bocah cilik iki ilang.”—Mat. 18:12-14.
3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?
3 Awaké dhéwé mesthi ora péngin nggawé sedulur-sedulur dadi lara ati nganti akhiré ora semangat nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu piyé bèn ora nglarani atiné sedulur-sedulur? Terus, piyé nèk ana sedulur-sedulur sing nggawé awaké dhéwé tersinggung? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dijawab ing artikel iki. Ning, ayo ngrembug sik sapa sakjané sing dimaksud wong-wong ”sing kaya bocah cilik” sing disebutké ing Matius 18.
SAPA SING DIMAKSUD WONG-WONG ”SING KAYA BOCAH CILIK”?
4. Sapa sing dimaksud wong-wong ”sing kaya bocah cilik”?
4 Sing dimaksud wong-wong ”sing kaya bocah cilik” kuwi kabèh muridé Yésus. Ora soal wis tuwa utawa isih enom, murid-muridé Yésus kuwi isa dipadhakké kaya ”bocah cilik” merga gelem diwulang karo Yésus. (Mat. 18:3) Pancèn, murid-muridé Yésus nduwé latar belakang lan sipat sing béda-béda. Ning, kabèh gelem nduduhké iman karo Yésus. Mula, Yésus bener-bener sayang karo murid-muridé kuwi.—Mat. 18:6; Yoh. 1:12.
5. Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing nggawé umaté dadi susah utawa lara ati?
5 Kabèh muridé Yésus ”sing kaya bocah cilik” kuwi berharga kanggo Yéhuwah. Bèn isa ngerti piyé perasaané Yéhuwah, awaké dhéwé isa mbayangké piyé perasaané awaké dhéwé karo bocah cilik. Awaké dhéwé mesthi sayang karo bocah cilik lan péngin nglindhungi, merga biasané bocah cilik kuwi isih lemah, kurang pengalaman, lan durung isa mbédakké sing bener lan sing salah. Terus, piyé nèk ana sing nggawé wong liya dadi susah, apa manèh nèk sing digawé susah kuwi bocah cilik? Njenengan mesthi jèngkèl banget, ta? Yéhuwah ya kaya ngono. Yéhuwah péngin nglindhungi awaké dhéwé. Yéhuwah ya jèngkèl banget nèk ana sing nggawé umaté dadi susah utawa lara ati.—Yés. 63:9; Mrk. 9:42.
6. Nurut 1 Korintus 1:26-29, piyé pandhangané wong-wong soal murid-muridé Yésus?
6 Apa manèh sebabé murid-muridé Yésus isa dipadhakké kaya ”bocah cilik”? Akèh wong nganggep nèk wong sing sugih, terkenal, lan nduwé jabatan kuwi wong-wong sing penting. Ning, murid-muridé Yésus akèh-akèhé dudu wong sing kaya ngono. Mula, wong-wong nganggep nèk murid-muridé Yésus kuwi kurang penting, kaya ”bocah cilik”. (Wacanen 1 Korintus 1:26-29) Kuwi béda banget karo pandhangané Yéhuwah.
7. Yéhuwah péngin awaké dhéwé piyé karo sedulur-sedulur?
7 Yéhuwah sayang karo kabèh abdiné, ora soal wong kuwi wis suwé utawa lagi waé nglayani Yéhuwah. Merga Yéhuwah nganggep sedulur-sedulur kuwi berharga, mula awaké dhéwé ya kudu nganggep sedulur-sedulur kuwi berharga. Awaké dhéwé kudu ”nresnani kabèh sedulur seiman”, ora mung beberapa thok. (1 Ptr. 2:17) Merga sayang, awaké dhéwé mesthi péngin ngupaya sak isa-isané bèn isa nglindhungi lan nduduhké nèk perduli karo sedulur-sedulur. Mula, wektu ngerti nèk ana sedulur sing lara ati gara-gara awaké dhéwé, aja nganggep kuwi sepélé. Aja nganti mikir nèk sedulur kuwi kuduné aja gampang tersinggung lan gelem ngapura awaké dhéwé. Merga latar belakangé, mungkin ana sedulur-sedulur sing dadi rendah dhiri lan akhiré gampang tersinggung utawa lara ati. Terus, sedulur sing lagi waé dadi Seksi Yéhuwah mungkin ya isa tersinggung merga durung ngerti nèk sedulur-sedulur ing jemaat ya isa salah lan dhèwèké perlu ngapura sedulur-sedulur kuwi. Ora soal apa alesané, nèk ana masalah karo sedulur liya, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa rukun manèh. Sakliyané kuwi, wong sing gampang tersinggung utawa lara ati kudu sadhar nèk sipaté kuwi sakjané ora apik lan dhèwèké kudu berubah. Nèk ngupayakké kuwi, dhèwèké bakal bahagia lan nduwé hubungan sing apik karo sedulur-sedulur ing jemaat.
NGANGGEP WONG LIYA LUWIH UNGGUL
8. Murid-muridé Yésus wis kepengaruh karo pandhangan apa?
8 Kenapa Yésus ngrembug soal wong-wong sing ”kaya bocah cilik”? Sakdurungé ngomong soal kuwi, murid-murid takon karo Yésus, ”Sapa sakjané sing paling utama ing Kerajaan swarga?” (Mat. 18:1) Saka pertanyaan kuwi, kétok nèk murid-muridé Yésus wis kepengaruh karo pandhangané wong Yahudi sing péngin dianggep penting. Ana ahli sing kandha, ”Wong-wong wektu kuwi péngin banget dadi wong sing terkenal, dianggep penting, lan diajèni.”
9. Murid-muridé Yésus kudu ngupaya bèn apa?
9 Merga kepengaruh karo pandhangané wong Yahudi, murid-muridé Yésus péngin dianggep luwih unggul timbang liyané. Mula, Yésus péngin murid-muridé ngupaya bèn ora dadi wong sing seneng saingan. Yésus ngandhani murid-muridé, ”Wong sing paling penting ing antaramu kudu dadi kaya sing enom dhéwé, lan wong sing mimpin kudu dadi kaya wong sing nglayani.” (Luk. 22:26) Awaké dhéwé isa dadi ”kaya sing enom dhéwé” nèk ”nganggep wong liya luwih unggul”. (Flp. 2:3) Nèk nganggep wong liya luwih unggul, awaké dhéwé ora bakal nggawé wong liya tersinggung utawa lara ati.
10. Awaké dhéwé kudu manut karo naséhaté Rasul Paulus sing endi?
10 Kabèh sedulur kuwi nduwé kelebihané dhéwé-dhéwé. Bèn isa ngerti kelebihané sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu nggatèkké sipat-sipat apiké. Mbiyèn Rasul Paulus tau ngomong karo wong Kristen ing Korintus, ”Ngapa kok kowé rumangsa luwih apik timbang liyané? Kan Gusti Allah sing mènèhi kabèh sing mbok duwèni, ta? Nèk Dhèwèké sing mènèhi kabèh sing mbok duwèni, ngapa kok kowé sombong lan nganggep kabèh kuwi hasil upayamu dhéwé?” (1 Kor. 4:7) Awaké dhéwé kudu manut karo naséhaté Rasul Paulus kuwi. Awaké dhéwé mesthi ora péngin ngrasa luwih unggul timbang liyané utawa nggawé wong liya dadi kagum karo awaké dhéwé. Dadi, nèk ana sedulur lanang sing isa nyampèkké ceramah sing apik utawa sedulur wédok sing mbantu akèh wong sinau Alkitab, sedulur-sedulur kuwi mesthiné ora éntuk sombong lan péngin bèn Yéhuwah waé sing dipuji.
NGAPURA ”SAKTULUSÉ ATI”
11. Apa sing isa dipelajari saka perumpamaané Yésus soal budhak sing nduwé utang karo raja?
11 Sakwisé ngandhani murid-muridé bèn ora nggawé wong liya lara ati, Yésus mènèhi perumpamaan soal budhak sing nduwé utang sing akèh karo raja. Merga budhak kuwi ora isa mbayar utangé, raja kuwi mbébaské budhak kuwi saka utangé. Ning, budhak kuwi ora gelem nganggep utangé kancané lunas, padahal utangé kancané kuwi mung sithik. Akhiré, raja nglebokké budhak sing jahat kuwi ing penjara. Apa pelajarané? Yésus kandha, ”Bapakku ing swarga ya bakal tumindak kaya ngono nèk kowé ora saktulusé ati ngapura sedulurmu.”—Mat. 18:21-35.
12. Kenapa awaké dhéwé isa nyusahké sedulur-sedulur nèk ora gelem ngapura?
12 Merga budhak kuwi jahat, sing susah ora mung dhèwèké thok, ning ya kanca-kancané. Contoné, kancané sing ora isa mbayar utang kuwi dadi susah merga ’dilebokké penjara nganti isa nglunasi kabèh utangé’. Terus, budhak sing jahat kuwi ya nyusahké budhak-budhak liyané, merga ”wektu ngerti kuwi, budhak-budhak liyané dadi sedhih banget”. Padha kaya ngono, keputusané awaké dhéwé kuwi ana pengaruhé kanggo wong liya. Misalé, nèk ora gelem ngapura sedulur sing nggawé awaké dhéwé tersinggung, mungkin awaké dhéwé ora gelem bergaul karo sedulur kuwi manèh. Kuwi artiné awaké dhéwé ora sayang karo dhèwèké, lan kuwi mesthi nggawé dhèwèké sedhih. Terus, sedulur-sedulur ing jemaat mesthi ya dadi ngrasa ora nyaman merga ngerti nèk awaké dhéwé ora rukun karo sedulur kuwi.
13. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Kristal?
13 Nèk gelem ngapura, awaké dhéwé lan sedulur-sedulur bakal bahagia. Kuwi sing dirasakké sedulur wédok sing dadi perintis sing jenengé Kristal. * Kristal lara ati karo sedulur wédok liya ing jemaat. Kristal kandha, ”Aku jèngkèl merga kadhang omongané nylekit banget. Aku nganti wegah nginjil karo dhèwèké. Aku ya dadi ora semangat nginjil.” Awalé, Kristal ngrasa nèk dhèwèké nesu kuwi ya wajar. Ning suwé-suwé, Kristal ngerti nèk kuduné ora éntuk terus-terusan jèngkèl utawa mung mikirké perasaané thok. Kristal maca artikel sing judhulé ”Ampunilah dengan Segenap Hati Saudara” sing ana ing Menara Pengawal 15 Oktober 1999. Artikel kuwi ngrembug pathokané Alkitab sing nduduhké nèk perlu ngapura wong liya. Akhiré, Kristal gelem ngapura sedulur wédok kuwi. Kristal kandha, ”Aku sadhar nèk kabèh sing ana ing jemaat lagi ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing apik. Aku ya ngerti nèk Yéhuwah gelem ngapura wektu awaké dhéwé nggawé salah. Sakwisé ngapura sedulur wédok kuwi, aku dadi ngrasa ora nduwé beban lan luwih bahagia.”
14. (a) Nurut Matius 18:21, 22, Rasul Pétrus kétoké nduwé pandhangan apa soal ngapura? (b) Nèk nduwé pandhangan sing padha karo Pétrus, awaké dhéwé kudu piyé?
14 Awaké dhéwé wis ngerti nèk kudu ngapura sedulur-sedulur. Ning, kuwi mungkin ora gampang. Kétoké, kuwi sing dirasakké Rasul Pétrus. (Wacanen Matius 18:21, 22.) Nèk ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé kudu piyé? Pertama, awaké dhéwé isa ngrenungké nèk Yéhuwah kuwi wis bola-bali ngapura awaké dhéwé. (Mat. 18:32, 33) Awaké dhéwé kuduné ora pantes diapura, ning Yéhuwah gelem ngapura awaké dhéwé. (Mzm. 103:8-10) Sakliyané kuwi, Alkitab kandha nèk ”awaké dhéwé ya kudu nresnani liyané”. Kuwi artiné awaké dhéwé ora isa milih arep ngapura utawa ora. Awaké dhéwé kudu ngapura sedulur-sedulur. (1 Yoh. 4:11) Keloro, awaké dhéwé isa mikirké apa manfaaté nèk gelem ngapura. Nèk gelem ngapura, sedulur sing nggawé awaké dhéwé tersinggung isa ngrasakké nèk awaké dhéwé apikan karo dhèwèké. (2 Kor. 2:7) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa tetep cedhak karo Yéhuwah, ora nduwé beban, lan nggawé jemaat tetep rukun. (Kol. 3:14) Ketelu, awaké dhéwé kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah, merga Yéhuwah sing ngongkon awaké dhéwé ngapura. Sétan péngin nggawé awaké dhéwé ora rukun karo sedulur-sedulur ing jemaat. Mula, aja mènèhi Iblis kesempatan. (Éf. 4:26, 27) Awaké dhéwé kudu njaluk bantuané Yéhuwah bèn jemaat isa tetep rukun.
TETEP SEMANGAT NGLAYANI YÉHUWAH
15. Nurut Kolose 3:13, njenengan kudu piyé nèk ana sedulur sing nggawé njenengan lara ati?
15 Piyé nèk ana sedulur sing nggawé njenengan bener-bener lara ati? Njenengan kudu ngupaya sak isa-isané bèn tetep rukun karo sedulur kuwi. Njenengan isa ndonga lan nyritakké perasaané njenengan karo Yéhuwah. Pas ndonga, njenengan isa njaluk bèn Yéhuwah mbantu sedulur kuwi. (Luk. 6:28) Yéhuwah mesthi sayang karo sedulur kuwi merga sedulur kuwi nduwé sipat-sipat sing apik. Mula, njenengan ya isa njaluk Yéhuwah mbantu njenengan bèn isa ndelok sipat-sipat apiké sedulur kuwi. Ning, merga ora isa nglalèkké masalahé, mungkin njenengan péngin ngomongké perasaané njenengan karo sedulur kuwi. Kuwi ora salah. Ning sakdurungé ketemu, aja nduwé pikiran sing èlèk sik lan nganggep nèk sedulur kuwi sengaja nglarani atiné njenengan. (Mat. 5:23, 24; 1 Kor. 13:7) Pas ketemu, njenengan ya kudu tetep apikan lan yakin nèk dhèwèké sakjané ora péngin ana masalah karo njenengan. Terus, piyé nèk jebulé dhèwèké ora gelem rukun karo njenengan? Njenengan ”kudu terus sabar” karo sedulur kuwi. (Wacanen Kolose 3:13.) Sing paling penting, aja terus-terusan jèngkèl, merga kuwi isa ngrusak hubungané njenengan karo Yéhuwah. Njenengan kudu terus semangat nglayani Yéhuwah. Kuwi bukti nèk njenengan bener-bener sayang karo Yéhuwah.—Mzm. 119:165.
16. Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn apa?
16 Umaté Yéhuwah kuwi kaya domba sing ”dadi sak kelompok” lan dipimpin ’gembala siji’. (Yoh. 10:16) Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga isa nglayani Yéhuwah bareng karo sedulur-sedulur. Buku Diorganisasi untuk Melakukan Kehendak Yehuwa halaman 165 kandha, ”Merga wis ngrasakké manfaaté rukun karo sedulur-sedulur, njenengan kudu ngupaya bèn jemaat isa tetep rukun.” Bèn isa rukun karo para sedulur, awaké dhéwé ”kudu ngupaya bèn isa nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah soal sedulur-sedulur”. Kabèh sing ana ing jemaat kuwi kaya ”wong-wong cilik” lan dianggep berharga karo Yéhuwah. Apa njenengan ya nganggep sedulur-sedulur kaya ngono? Nèk njenengan mbantu lan nggatèkké sedulur-sedulur ing jemaat, Yéhuwah bakal nggatèkké lan menghargai upayané njenengan.—Mat. 10:42, ctn.
17. Apa waé sing dadi tékadé awaké dhéwé?
17 Awaké dhéwé mesthi sayang karo sedulur-sedulur ing jemaat. Mula, awaké dhéwé ora péngin nglarani atiné sedulur-sedulur. Awaké dhéwé bakal nganggep sedulur-sedulur luwih unggul timbang awaké dhéwé. Terus nèk sedulur-sedulur kuwi nggawé salah, awaké dhéwé ya gelem saktulusé ati ngapura. Senajan mungkin ana masalah karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu tetep semangat nglayani Yéhuwah. Muga-muga, awaké dhéwé terus ’nindakké apa waé sing nggawé rukun lan sing nguwatké’ sedulur-sedulur.—Rm. 14:19.
LAGU 130 Senenga Ngapura
^ par. 5 Merga ora sampurna, awaké dhéwé isa nglarani atiné sedulur-sedulur. Nèk ana sing tersinggung karo awaké dhéwé, apa awaké dhéwé gelem ngupaya bèn sedulur-sedulur kuwi ora jèngkèl manèh karo awaké dhéwé? Misalé, apa awaké dhéwé gelem langsung njaluk ngapura? Utawa apa awaké dhéwé malah mikir, ’Ya salahé dhéwé ta, dadi wong kok gampang tersinggung?’ Sakliyané kuwi, apa awaké dhéwé gampang tersinggung karo sedulur-sedulur? Nèk ngono, apa awaké dhéwé sadhar nèk kudu berubah, utawa malah mikir, ’Aku ki wongé pancèn ngéné. Kuduné ya sedulur-sedulur kuwi sing ngupaya bèn aku ora tersinggung’?
^ par. 13 Dudu jeneng asliné.
^ par. 54 GAMBAR: Sedulur wédok sing tersinggung karo sedulur wédok liya ing jemaat. Wong loro kuwi ketemu lan ngrembug masalahé apik-apik. Akhiré, wong loro kuwi isa rukun manèh lan nginjil bareng.