Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

”Aku Ngrasakké Manfaaté Merga Ngrungokké Sarané Wong Liya”

”Aku Ngrasakké Manfaaté Merga Ngrungokké Sarané Wong Liya”

WEKTU kuwi, tentara Prancis lagi perang ing Pegunungan Aljazair. Aku lan pasukanku nggawé markas ing cedhak kono, lan bengi kuwi, aku ditugaské jaga. Pas kuwi peteng banget, lan aku ngumpet ing mburiné karung pasir karo nggawa senapan mesin. Ujug-ujug, ana swara kaya wong sing mlaku nyedhak. Aku wedi banget. Wektu kuwi umurku isih 20 taun, lan aku ora péngin mati utawa matèni wong liya. Aku langsung ngomong, ”Gusti Allah, tulungi aku.”

Peristiwa kuwi nggawé aku dadi péngin ngerti soal Gusti Allah. Ning, sakdurungé tak lanjutké critaku, aku arep nyritakké sik pengalamanku pas isih cilik sing akhiré nggawé aku dadi gelem sinau Alkitab.

SING DIAJARKÉ BAPAKKU

Aku lair taun 1937 ing Guesnain, kota pertambangan ing Prancis bagéan lor. Bapakku kuwi penambang batu bara, lan dhèwèké ngajari aku kerja keras. Bapak ya ora seneng nèk ana wong liya ngalami sing ora adil. Misalé, para penambang wektu kuwi gawéané résikoné gedhé, lan akèh sing uripé susah. Mula, Bapak péngin mbantu lan nggabung ing organisasi sing mbéla hak-haké para penambang kuwi. Bapak ya ora seneng wektu ndelok para pemimpin agama sing ora mesakké karo wong liya. Para pemimpin agama kuwi uripé wis kepénak, ning isih kerep njaluk panganan lan dhuwit saka para penambang sing uripé susah. Saking sengité karo para pemimpin agama kuwi, Bapak nganti ora ngajari aku soal agama. Malah, keluargaku sama sekali ora tau mbahas soal Gusti Allah.

Pas aku mulai remaja, aku ya ora seneng nèk ana wong liya ngalami sing ora adil. Misalé, wong-wong ing sekitarku ora seneng karo wong asing sing manggon ing Prancis. Padahal, aku seneng dolan lan bal-balan karo anak-anaké wong asing kuwi. Terus, ibuku dhéwé kuwi wong Polandia. Dadi, pénginku kuwi kabèh wong aja dibédak-bédakké.

MULAI MIKIRKÉ APA TUJUANÉ URIP

Pas aku dadi tentara

Pas taun 1957, pamréntah ngongkon aku dadi tentara. Kuwi sebabé aku isa mèlu perang ing Pegunungan Aljazair, kaya sing tak sebutké ing awal critaku. Sakwisé ngomong, ”Gusti Allah, tulungi aku”, aku lagi ngerti nèk jebulé sing ing ngarepku kuwi dudu tentara mungsuh, tapi keledai liar. Aku lega banget. Ning merga mèlu perang lan ngalami peristiwa kuwi, aku dadi mulai mikirké apa tujuané urip. Aku péngin ngerti kenapa kok manungsa diciptakké, apa Gusti Allah perduli karo manungsa, lan apa donya iki isa damai.

Pas lagi bali ing omahé wong tuwaku, aku ketemu karo Seksi Yéhuwah lan diwènèhi La Sainte Bible, yaiku Alkitab basa Prancis saka gréja Katolik. Sakwisé bali ing Aljazair, aku mulai maca Alkitab kuwi. Aku kagèt pas maca Wahyu 21:3, 4, sing isiné, ”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa . . . Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.” * Aku lagi ngerti iki nèk jebulé ana ayat sing ngomong kaya ngono. Terus, aku mikir, ”Apa iki pancèn isa kelakon?” Wektu kuwi, aku blas ora ngerti apa-apa soal Gusti Allah lan Alkitab.

Pas taun 1959, aku wis ora dadi tentara manèh. Terus, aku ketemu karo Seksi Yéhuwah sing jenengé François. Dhèwèké ngajari aku akèh banget soal Alkitab. Misalé, dhèwèké nduduhké saka Alkitab nèk Gusti Allah nduwé jeneng, yaiku Yéhuwah. (Mzm. 83:18) Dhèwèké ya njelaské nèk Yéhuwah bakal adil wektu mréntah bumi, ngubah bumi dadi firdaus, lan nggawé janji sing disebutké ing Wahyu 21:3, 4 kelakon.

Aku seneng banget isa sinau Alkitab, lan kabèh sing tak pelajari kuwi masuk akal. Aku ya dadi nesu lan péngin ngunèk-unèkké para pemimpin agama, merga jebulé sing selama iki diajarké dudu saka Alkitab. Mungkin merga kepengaruh bapakku, aku dadi ora sabar. Terus, nèk ana sesuatu sing salah, pénginku kuwi cepet-cepet diowahi.

Wektu kuwi, François dikancani karo sedulur liya sing aku lagi pertama kali ketemu. Dhèwèké lan sedulur kuwi mbantu bèn aku tetep tenang. Aku dikandhani nèk Yésus ngongkon para pengikuté martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah, dudu ngadili wong liya. Yésus dhéwé mbiyèn ya martakké kabar apik marang wong liya. (Mat. 24:14; Luk. 4:43) Terus, François lan sedulur kuwi nduduhké ayat sing kandha, ”Budhaké Gusti ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong.” (2 Tim. 2:24) Saka kono, aku ya dadi ngerti nèk kudu ngupaya bèn tetep apikan lan sabar wektu lagi omong-omongan karo wong liya, khususé nèk aku ora setuju karo kepercayaané wong kuwi.

Aku mulai ngetrapké apa sing wis tak pelajari lan akhiré dibaptis ing kebaktian wilayah pas taun 1959. Pas kebaktian kuwi, aku ketemu karo sedulur wédok sing jenengé Angèle. Aku jatuh cinta karo Angèle lan mulai kerep berhimpun ing jemaaté. Akhiré, taun 1960, aku nikah karo Angèle. Angèle kuwi wong wédok sing wicaksana, istri sing luar biasa, lan hadiah sing berharga saka Yéhuwah.​—WB. 19:14.

Pas nikah karo Angèle

SINAU SAKA SEDULUR-SEDULUR SING LUWIH PENGALAMAN

Saksuwéné nglayani Yéhuwah, aku sinau akèh saka sedulur-sedulur sing luwih pengalaman. Saka sedulur-sedulur kuwi, aku dadi ngerti sesuatu sing penting banget, yaiku bèn isa berhasil ngrampungké tugas sing angèl, awaké dhéwé kudu rendah hati. Terus, awaké dhéwé ya kudu ngetrapké naséhat ing Wulang Bebasan 15:22, sing isiné, ”Rencana . . . isa berhasil nèk ana akèh sing mènèhi naséhat.”

Pas nglayani dadi pinituwa wilayah ing Prancis taun 1965

Taun 1964, aku mulai nglayani dadi pinituwa wilayah. Wektu kuwi, aku ngrasakké nèk naséhat sing disebutké ing Wulang Bebasan 15:22 kuwi pancèn bener. Merga dadi pinituwa wilayah, aku kudu ngunjungi jemaat-jemaat bèn isa nguwatké lan mbantu sedulur-sedulur bèn tetep cedhak karo Yéhuwah. Ning, merga isih 27 taun lan kurang pengalaman, aku ya isa salah. Senajan ngono, aku ngupaya bèn ora nggawé kesalahan sing padha. Sing paling penting, aku éntuk pelajaran sing berharga saka ’naséhaté’ sedulur-sedulur sing luwih trampil lan luwih pengalaman.

Aku kèlingan pas pertama kali dadi pinituwa wilayah. Sakwisé ngunjungi siji jemaat ing Paris, ana sedulur sing wis pengalaman sing ngejak aku ngobrol wong loro thok, lan aku gelem.

Terus, sedulur kuwi takon, ”Louis, nèk nurutmu, sing diparani dokter kuwi kuduné wong sing lara apa sing séhat?”

Aku njawab, ”Ya sing lara.”

Sedulur kuwi ngomong, ”Bener. Ngéné Louis, aku nggatèkké nèk kowé luwih kerep bergaul karo para pinituwa lan sedulur-sedulur liyané sing imané wis kuwat. Ing jemaat iki, ana akèh sedulur sing kurang semangat, isih anyar, utawa isinan. Sedulur-sedulur kuwi mesthi bakal seneng banget lan dadi luwih semangat nèk kowé bergaul karo sedulur-sedulur kuwi. Kowé mungkin isa dolan lan mangan bareng ing omahé sedulur-sedulur kuwi.”

Aku bersyukur banget merga sedulur kuwi mènèhi naséhat sing apik. Aku isa ngrasakké nèk sedulur kuwi bener-bener nresnani domba-dombané Yéhuwah. Senajan ora gampang, aku ngakoni nèk aku salah lan ngupaya ngetrapké naséhaté sedulur kuwi. Aku maturnuwun karo Yéhuwah merga wis mènèhi sedulur sing kaya ngono.

Pas taun 1969 lan 1973, ana kebaktian internasional ing Stadion Colombes, Paris. Aku ditugaské dadi pengawas ing departemèn sing gawéané nyedhiakké panganan kanggo sedulur-sedulur sing teka ing loro kebaktian kuwi. Ing kebaktian taun 1973, sing teka ana kira-kira 60.000. Dadi, nyedhiakké panganan kanggo wong semono akèhé nganti limang dina mesthiné ora gampang. Ning, aku ngerti nèk tugas kuwi isa tak rampungké nèk aku njaluk naséhaté wong liya, kaya sing disebutké ing Wulang Bebasan 15:22. Dadi, aku njaluk bantuané sedulur-sedulur sing wis pengalaman, termasuk sing kerjané dodolan daging, petani sayuran, tukang masak, lan bagéan pembelian. Merga bantuané sedulur-sedulur kuwi, kabèh tugas sing kétoké mustahil dirampungké akhiré isa berhasil.

Ing taun 1973, aku karo bojoku diundang kanggo nglayani ing Bètel Prancis. Tugas pertamaku ing kono ya angèl banget. Aku kudu nggolèk cara bèn isa ngirim bacaan kanggo sedulur-sedulur ing Kamerun. Padahal, kèt taun 1970 nganti 1993, gawéan nginjil ing kono dilarang karo pamréntah. Aku ora yakin isa berhasil ngrampungké tugas iki. Sedulur sing dadi pengawas cabang ing Prancis kétoké ngerti nèk aku ngrasa kaya ngono. Merga péngin nyemangati aku, dhèwèké kandha, ”Sedulur-seduluré awaké dhéwé ing Kamerun bener-bener mbutuhké bacaan-bacaan iki. Awaké dhéwé kudu mbantu sedulur-sedulur kuwi.” Akhiré, tugas kuwi tak tampa.

Pas pertemuan istiméwa ing Nigeria bareng karo sedulur-sedulur saka Kamerun ing taun 1973

Aku bola bali lunga ing negara-negara sing berbatasan karo Kamerun bèn isa ketemu karo para pinituwa saka Kamerun. Sedulur-sedulur kuwi bener-bener kendel lan wicaksana. Sedulur-sedulur kuwi mbantu aku bèn sedulur-sedulur ing Kamerun isa teratur éntuk bacaan. Yéhuwah mberkahi upayaku lan sedulur-sedulur kuwi. Buktiné, nganti kira-kira 20 taun, sedulur-sedulur ing Kamerun mesthi isa nampa majalah Menara Pengawal lan Pelayanan Kerajaan Kita.

Ing taun 1977, aku karo Angèle ngunjungi Nigeria bareng karo para pinituwa wilayah saka Kamerun lan bojoné

DISEMANGATI BOJOKU

Kèt pacaran karo Angèle, aku nggatèkké nèk dhèwèké kuwi akrab karo Yéhuwah. Sakwisé nikah, aku ya dadi luwih yakin soal kuwi. Misalé, sakwisé nikah, benginé Angèle njaluk aku ndonga bèn Yéhuwah mbantu aku lan dhèwèké supaya isa terus nglayani Yéhuwah bareng-bareng. Yéhuwah njawab ndonga kuwi.

Angèle kerep mbantu aku bèn bener-bener percaya karo Yéhuwah. Misalé, pas diundang ing Bètel taun 1973, aku sakjané ragu-ragu merga luwih seneng nglayani dadi pinituwa wilayah. Ning, Angèle ngélingké nèk aku karo dhèwèké kan wis janji arep nglayani Yéhuwah. Dadi, nèk organisasiné Yéhuwah mènèhi tugas, mosok arep tak tolak? (Ibr. 13:17) Aku setuju karo Angèle. Akhiré, tugas kuwi tak tampa. Bojoku kuwi bener-bener wicaksana, masuk akal, lan sayang karo Yéhuwah. Merga Angèle nduwé sipat-sipat sing kaya ngono, aku karo Angèle isa nggawé keputusan-keputusan sing apik lan perkawinanku isa bahagia.

Aku karo Angèle pas lagi ing tamané Bètel Prancis

Saiki, aku karo Angèle wis tuwa. Ning, Angèle terus ndhukung lan nyemangati aku. Misalé, bèn isa mèlu sekolah-sekolah saka organisasi sing akèh-akèhé nganggo basa Inggris, aku karo Angèle ya kudu isa basa Inggris. Mula, aku kudu gabung ing jemaat sing nggunakké basa Inggris. Padahal, wektu kuwi umurku wis 70-an. Terus, aku ya nglayani dadi anggota Panitia Cabang Prancis. Dadi, nèk kudu sinau basa liya kuwi ora gampang. Ning, aku karo Angèl saling nyemangati. Saiki, umurku wis 80-an. Ning, aku karo Angèle tetep persiapan perhimpunan nganggo basa Inggris lan basa Prancis. Aku karo Angèle ya ngupaya bèn isa kerep mènèhi koméntar ing perhimpunan lan teratur nginjil karo sedulur-sedulur ing jemaat. Aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah mberkahi upayaku lan bojoku sinau basa Inggris.

Salah siji berkahé Yéhuwah sing luar biasa tak rasakké pas taun 2017. Aku karo Angèle diundang mèlu Sekolah kanggo Panitia Cabang lan Bojoné ing Pusat Pendidikan Menara Pengawal ing Patterson, New York.

Yéhuwah kuwi bener-bener Guru sing hébat. (Yés. 30:20) Mula awaké dhéwé, ora soal enom utawa tuwa, isa éntuk pendidikan sing paling apik. (PT. 4:5-8) Aku ya nggatèkké nèk cah-cah enom sing manut karo Yéhuwah lan manut karo sedulur-sedulur sing wis pengalaman akhiré isa nggawé keputusan sing apik lan dadi abdiné Yéhuwah sing setya. Kuwi cocog karo kandhané Wulang Bebasan 9:9, yaiku, ”Wulangen wong sing wicaksana, lan dhèwèké bakal dadi saya wicaksana. Wulangen wong sing bener, lan pengetahuané bakal saya tambah.”

Kadhang, aku kèlingan pas mbiyèn aku mèlu perang ing Pegunungan Aljazair pas taun 1957. Wektu kuwi, aku ora ngerti nèk uripku bakal nyenengké kaya saiki. Aku ngrasakké manfaaté merga ngrungokké sarané wong liya. Terus, merga berkahé Yéhuwah, aku karo Angèle ya isa bahagia. Dadi, aku karo Angèle péngin terus manut karo Yéhuwah lan sinau saka sedulur-sedulur sing luwih pengalaman lan sayang karo Yéhuwah.

^ par. 11 Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.