Apa Ana sing Isa Bébas saka Kematian?
BAYANGNA ana film sing nyritakké uripé pemain musik sing terkenal. Film kuwi nyritakké pengalamané pas isih cilik, wektu dhèwèké mulai sinau musik nganti akhiré dadi pinter main musik. Dhèwèké mulai mèlu konsèr ing ngendi-endi lan akhiré dadi terkenal. Terus, film kuwi nyritakké nèk suwé-suwé dhèwèké dadi tambah tuwa lan akhiré mati.
Ya kaya ngono kuwi sing kelakon ing uripé manungsa. Ora soal wong kuwi pemain musik, ilmuwan, atlét, utawa artis, critané mesthi ya mèh padha karo film kuwi mau. Nèk wong kuwi ora mati, mesthi ana luwih akèh manèh sing isa ditindakké ing uripé.
Ning, kenyataané ora ana sing isa bébas saka kematian. (Kohèlèt 9:5) Senajan wis ngupaya, ning awaké dhéwé mesthi bakal dadi tuwa lan mati. Nèk ora ngono, isa waé awaké dhéwé mati merga kecelakaan utawa lara parah. Kaya sing disebutké ing Alkitab, uripé awaké dhéwé iki ”kaya kabut sing mung njedhul sedhéla banjur ilang”.—Yakobus 4:14.
Ana wong-wong sing nganggep nèk urip iki ora ana tujuané. Wong-wong kuwi kaya-kayané ngomong, ”Ayo kita padha mangan lan ngombé, merga sésuk kita bakal mati.” (1 Korintus 15:32) Wong-wong sing kaya ngono kuwi mikir nèk dhèwèké ora nduwé harapan lan isa sak wayah-wayah mati. Kadhang kala ana sing putus asa lan mikir, ’Apa urip iki mung kaya ngéné waé?’
Akèh wong sing percaya karo perkembangan ilmu pengetahuan. Para ilmuwan lan dokter wis ngupaya nemokké akèh cara sing isa digunakké bèn manungsa uripé isa luwih dawa. Ning, manungsa durung nemokké jawaban saka pitakonan-pitakonan iki: Kenapa manungsa dadi tuwa lan mati? Apa manungsa bakal isa bébas saka kematian? Apa urip iki mung kaya ngéné waé? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel-artikel sakbanjuré.