Manungsa Diciptakké kanggo Urip Saklawasé
APA njenengan péngin urip saklawasé? Piyé perasaané njenengan nèk isa séhat, bahagia, lan dawa umuré? Njenengan isa nduwé akèh wektu kanggo ngumpul karo keluarga lan kanca-kanca, isa keliling dunia, lan isa sinau ketrampilan sing anyar utawa apa waé sing disenengi. Kuwi mesthi nyenengké banget, ta?
Apa sebabé manungsa péngin urip terus? Alkitab njelaské nèk manungsa pancèn diciptakké nduwé kepénginan kanggo urip saklawasé. (Kohèlèt 3:11) Alkitab ya njelaské nèk ”Gusti Allah kuwi katresnan”. (1 Yohanes 4:8) Ning, nèk Gusti Allah pancèn nresnani manungsa, kenapa Dhèwèké ngekèki kepénginan kanggo urip saklawasé, padahal kenyataané ora ana manungsa sing isa urip terus?
Ora ana wong sing kepéngin mati. Alkitab ya ngomong nèk kematian kuwi ”mungsuh”. (1 Korintus 15:26) Ning, manungsa isa mati kapan waé, ora soal isih enom utawa wis tuwa. Akèh wong dadi wedi nèk mikirké soal kuwi. Apa manungsa isa bébas saka kematian? Apa manungsa pancèn isa urip saklawasé?
MANUNGSA PANCÈN DICIPTAKKÉ KANGGO URIP TERUS
Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah pancèn nyiptakké manungsa bèn isa urip saklawasé ing bumi. Apa buktiné? Yéhuwah * wis ngrancang bumi iki bèn isa dienggoni karo manungsa lan nyedhiakké kabèh sing dibutuhké bèn manungsa isa bahagia. Yéhuwah nyiapké taman sing éndah ing Èden bèn isa dienggoni karo Adam, manungsa sing pertama. Alkitab kandha, ”Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasané, lan kabèh wus prayoga linuwih [utawa, apik banget].”—Purwaning Dumadi 1:26, 31.
Wektu diciptakké karo Gusti Allah, Adam kuwi sampurna awaké lan pikirané. (Pangandharing Torèt 32:4) Bojoné Adam, yaiku Hawa, ya manungsa sing sampurna. Yéhuwah kandha marang Adam lan Hawa, ”Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabèhing sato-kéwan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”—Purwaning Dumadi 1:28.
Gusti Allah péngin bumi iki dikebaki karo keturunané Adam lan Hawa. Kuwi artiné Hawa kudu nduwé anak, lan anak-anaké ya nduwé anak manèh, nganti bumi iki dadi kebak. (Yésaya 45:18) Dadi, Adam lan Hawa nduwé harapan kanggo ndelok bumi iki kebak karo keturunané. Nèk Adam lan Hawa umuré ora dawa, apa harapan kuwi isa kelakon?
Gusti Allah ya ngongkon Adam lan Hawa nguwasani kéwan-kéwan. Adam ya dikongkon njenengi kéwan-kéwan. (Purwaning Dumadi 2:19) Adam lan Hawa mesthiné kudu ngematké tenanan bèn ngerti carané ngopèni lan nguwasani kéwan-kéwan kuwi. Adam lan Hawa mesthi mbutuhké wektu sing suwé kanggo nindakké kuwi kabèh.
Dadi, Gusti Allah mesthiné wis ngrancang bèn Adam lan Hawa nduwé umur sing dawa supaya wong loro kuwi isa ngebaki bumi lan nguwasani kéwan-kéwan. Wektu kuwi, umuré Adam pancèn dawa banget.
GUSTI ALLAH PÉNGIN MANUNGSA URIP SAKLAWASÉ ING BUMI FIRDAUS
UMURÉ WONG-WONG JAMAN MBIYÈN DAWA BANGET
Alkitab nyritakké nèk umuré wong-wong jaman mbiyèn kuwi luwih dawa ketimbang awaké dhéwé saiki. Misalé, Alkitab kandha nèk umuré Adam nganti 930 taun. Alkitab ya nyebutké nèk ana wong-wong liya sing umuré luwih saka 900 taun, yaiku Sèt, Énos, Kénan, Yarèd, Métusélah, lan Nuh. Wong-wong kuwi urip sakdurungé ana Banjir Gedhé. Nuh dhéwé umuré 600 taun wektu ana Banjir Gedhé. (Purwaning Dumadi 5:5-27; 7:6; 9:29) Kok wong-wong kuwi umuré isa dawa banget?
Salah siji alesané isa waé merga mbiyèn Adam wis tau dadi manungsa sing sampurna lan wong-wong kuwi lairé ora suwé sakwisé jamané Adam isih sampurna. Apa hubungané manungsa sampurna karo umur dawa? Piyé carané manungsa isa bébas saka kematian? Bèn isa ngerti jawabané, awaké dhéwé perlu ngerti dhisik apa sebabé manungsa dadi tuwa lan mati.
^ par. 6 Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing dicathet ing Alkitab.