”Aku Tetep Ngupaya Sak Isa-isané”
Irma manggon ing Jerman. Dhèwèké umuré mèh 90 taun. Dhèwèké tau tiba ping loro lan operasi ping bola bali. Kuwi nggawé dhèwèké ora isa nginjil ing omah-omah manèh. Saiki, Irma nginjil marang keluarga lan kanca-kancané liwat surat. Wong-wong seneng banget nampa surat saka Irma nganti nélpon njaluk dikirimi surat manèh. Sakliyané kuwi, ya akèh sing ngucapké maturnuwun liwat surat lan njaluk dikirimi surat manèh. Irma ngomong, ”Aku seneng banget merga aku isa tetep nginjil.”
Irma ya nulis surat kanggo wong-wong sing ana ing panti jompo. Irma ngomong, ”Ana wong wédok sing nélpon aku, terus dhèwèké ngomong nèk ngrasa dikuwatké, khususé sakwisé bojoné mati. Dhèwèké nyimpen suratku ing Alkitabé, lan kuwi diwaca pas bengi-bengi. Terus, ana wong wédok liya sing bojoné ya lagi waé mati. Dhèwèké ngomong nèk ngrasa luwih dikuwatké wektu maca surat sing tak kirimi ketimbang ngrungokké khotbah saka pendétané. Dhèwèké nduwé akèh pitakonan lan péngin mara ing omahku.”
Ana kancané Irma sing dudu Seksi Yéhuwah pindhah ing panggonan sing adoh. Dhèwèké njaluk bèn dikirimi surat karo Irma. Irma ngomong, ”Kancaku nyimpen kabèh surat saka aku. Sakwisé kancaku mati, anaké wédok nélpon aku, terus crita nèk dhèwèké wis maca kabèh surat sing tak kirimi kanggo ibuné. Terus, dhèwèké njaluk bèn aku ya ngirimi surat kanggo dhèwèké.”
Irma seneng merga isih isa terus nginjil. Dhèwèké ngomong, ”Aku njaluk Yéhuwah nguwatké aku bèn aku isa terus nglayani Dhèwèké. Senajan wis ora isa nginjil ing omah-omah, aku tetep ngupaya sak isa-isané.”